Wb/jv/Tembang/Macapat/Sinom

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Macapat
Wb > jv > Tembang > Macapat > Sinom

Yen dijupuk arti wantah, sinom maknane godhong asem sing isih enom. Ing macapat, sinom nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.

Metrum[edit | edit source]

Saben pada, tembang iki ana sanga gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu:

  • 8 - a
  • 8 - i
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 7 - i
  • 8 - u
  • 7 - a
  • 8 - i
  • 12 - a

Tuladha[edit | edit source]

  • Tuladha 1
  1. Ing pojok wetan sang surya
  2. Nyungging sinom dadi peni
  3. Kagubet embun rumeksa
  4. Dening Hyang Murbeng Dumadi
  5. Raga jiniret ati
  6. Seka perbawaning esuk
  7. Manuksma suluk angga
  8. Kang wang-sinawang mranani
  9. Tibane prana sarwa sulih prasaja
  • Tuladha 2

Amenangi jaman édan Éwuh aya ing pambudi Milu édan nora tahan Yèn tan milu anglakoni Boya kaduman melik Kaliren wekasanipun Ndilalah karsa Allah Begja-begjané kang lali Luwih begja kang éling lawan waspada

Saka Serat Kalatidha anggitan Ki Ranggawarsita.

Notasi[edit | edit source]

  1. 2^-2^-2^-2^-1^-1^-6_5-5_6_1
  2. 1^-1^-1^-6_1^-5-5-5_6-5_6_5_3
  3. 1^-1^-1^-1^-6-6_5-1^-6_5
  4. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  5. 6-6-6-6-1^-1^-1^
  6. 6-5-5-5-5-5-3-2_1
  7. 5-5-5-5-5-5-5
  8. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  9. 2-3-3-3-2-3-5-2-2-3-2_3-2_1

Pranala jaba[edit | edit source]

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa