Wb/jv/Tembang/Macapat/Mijil

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Macapat
Wb > jv > Tembang > Macapat > Mijil

Mijil iku tegesé lair utawa metu. Ing jajaran tembang macapat, Mijil umumé diselehké ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

  • 10-i
  • 6-o
  • 10-é
  • 10-i
  • 6-i
  • 6-u

Tuladha[edit | edit source]

  1. Mijil ing donya siniwi ratri
  2. Kabeh durung katon
  3. Amung anjali soca ing tembé
  4. Lelaku alon siniji-siji
  5. Nunggu mring wartaning
  6. Sesotya satuhu

Notasi[edit | edit source]

Notasi iki salah sijine gagrag kang isih dienggo rengeng-rengeng.

  1. 6-6-1^-2^-2^-2^-2^-2^-1^- 2_3
  2. 1^-6-1^-1^-2^-1^-2^
  3. 2^-3^-2^-1^-6-5-5-5-6_5-3
  4. 2-3-5-6-3-6-5-3-2-3
  5. 1^-2^-3^-2^-1^-6
  6. 3-5-5-5-5_6-5_3

Pranala jaba[edit | edit source]

Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa