Jump to content

Wp/osi/Pèntas Jangèr

From Wikimedia Incubator
< Wp | osi
Wp > osi > Pèntas Jangèr

Pèntas Jangèr uga diarani Dhamarulan utawa Jinggoan iku salah sijiné pèntas kesenian sandiwara rakyat[1] hang magih tuwuk ditampilaken khususé ring Kabupatèn Banyuwangi. Pèntas Jangèr iku nyampuraken budaya Jawa hang katon teka lakon ceritané lan budaya Bali hang katon teka kelambi, ubah joged, lan gamelané [2]. Cerita-cerita hang biasané ditampilaken kayata Ande-ande Lumut, Cinde Laras, Minakjinggo Mati, Damarwulan Ngenger, Damarwulan Ngarit, lan Sri Tanjung, ana pisan cerita hang isiné kerep ana pesen Islami, lan sak pituruté, lakon-lakon kasebut biasane ditampilaken nganggo Basa Using[3].

Sajarah

[edit | edit source]

Seni Jangèr Banyuwangi jare diwujudaken ambi salah siji belantik sapi hang uga demen ambi seni daérah yaiku Mbah Darji ing abad 20, iyané iku wong Dukuh Klembon hang saiki melebu telatah Singonegaran, Banyuwangi. Pas iyané ngelakoni aktipitas dol tinuku ring Pulo Bali, Mbah Darji kesengsem ambi budaya Bali kayata gamelan lan sandiwara Arja, banjur iyané kenalan ambi seniman musik hang arané Singobali ring Penganjuran, pungkasané iyané usul kadung kesenian Bali kayata joged lan gamelan iku uga dicampur lan dipentasaken kanggo carita Ande-ande Lumut hang wayah iku wis akéh dipentasaken ring Banyuwangi tur tetep nganggo Basa Using.

Rembakan kesenian Jangèr Banyuwangi iki bisa didum ring telung periode. Masa wiwite yaiku pas kesenian iki jumbul yaiku dekade ke loro abad 20 kanti era perang kamardikan lan ditengeri uwahé seni Andi-andi Lumur dadi Jangèr, masa ke loro titi mangsa taun 1945-1965 ditengeri ambi anané unsur politik ring lakon Jangèr, lan masa ke telu sakat taun 1970an sampé saiki hang ditengeri dadi guna Jangèr dadi sarana hiburan rakyat. [3]

Piguna

[edit | edit source]

Guna utama seni Janger kanggo masyarakat Banyuwangi iku sarana préséntasi èstètis (art of presentation) lan hiburan kadung ana acara-acara kayata kawinan, sunatan, gelar budaya, dina-dina gedhe kanegaran, lan sak pituruté. Déné guna liyané yaiku sarana guyubaken warga, promosi program pemerintah, lan sak pituruté.[2]


Rujukan

[edit | edit source]
  1. Brandon. (1967). Theatre in Southeast Asia. Cambridge, MA: Harvard University Press.
  2. 2.0 2.1 Arsana dan Bandem. (2005) Gamelan Janger: Hibrida Musik Banyuwangi dan Bali Sebuah Akulturasi Budaya. Humanika. 18 (1)
  3. 3.0 3.1 Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. (2018). Penetapan Warisan Kebudayaan Takbenda Indonesia.