Wp/osi/Kabupatèn Banyuwangi

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Kabupatèn Banyuwangi

Kabupatèn Banyuwangi iku salah siji kabupatèn ring Jawa Wètan, Indonésia. Wèrané kutha iki ± 5.782,50 km² utawa 359,225,24 hektar. Kabupatèn iki anané ring pucuk wétan Pulo Jawa. Miturut sènsus[1] Kabupatèn Banyuwangi duwèni cacah penduduk 1,599,811 wong.

Pangeduman Administeratip[edit | edit source]

Kabupatèn Banyuwangi didum dadi 25 kecamatan, kelurahan, lan désa. Kecamatan-kecamatan ring kabupatèn iki yaiku:

Geograpi[edit | edit source]

Banyuwangi ana ring titik koordinat 7º45’15”–8º43’2” LS dan 113º38’10” BT. Telatah Banyuwangi duwèni werna lan wujud bhumi hang werna-werna, ana dhataran ledhok sampè pegunungan. Telatah watesan antarané Banyuwangi lan Kabupatèn Bondowoso ana dhataran dhuwur Ijen hang duwè pucuk paling dhuwuré yaiku Gunung Raung (3.344 m) lan Gunung Merapi (2.799 m), ring waliké Gunung Merapi ana Gunung Ijen hang kesuwur dadi papan wisata kawah lan blu fire. Gunung Raung lan Gunung Ijen statusé magih aktip sampé saiki.

Pèrangan kidul digunani dadi perkebunan sakat jaman Walanda. Ring wilayah watesan ambi Kabupatèn Jember pinggir kidul, dadi kawasan perlindungan utawa konserpasi hang wujudé cagar alam yaiku Taman Nasional Meru Betiri. Pesisir Sukamadé kesuwur dadi kawasan penangkaran penyu. Ring Semenanjung Blambangan uga ana cagar alam yaiku Alas Purwo.

Pesisir wètan Banyuwangi hang ngadhep Selat Bali dadi salah siji pengasil iwak paling gedhé ring Jawa Wètan, tepate ana ring Muncar, Banyuwangi

Rujukan[edit | edit source]

  1. BPS Kabupaten Banyuwangi, Banyuwangi Dalam Angka 2018