Wp/osi/Rogojampi, Banyuwangi
Rogojampi iku salah siji kecamatan hang ana ring Kabupatèn Banyuwangi. Kecamatan Rogojampi nduwèni 10 désa, yaiku Aliyan, Bubuk, Gitik, Gladag, Karangbendo, Kedaleman, Lemahbangdéwo, Mangir, Pengatigan, lan Rogojampi.
Rogojampi nduweni wates sebelah lor kecamatan Kabat, sebelah wetan kecamatan Blimbingsari, sebelah kidul kecamatan Srono lan sebelah kulon kecamatan kecamatan Singojuruh utowo Songgon.
Rogojampi ugo nduweni pasar tradisional hang bukak 24jam heng ana mandege. Wayah subuh ana pasar janganan ambi iwak, isuk sampek awan ana hang adol uwoh-uwohan, panganan, penganggon lan pekakas. Wayah bengi akeh hang adol uwoh-wohan panganan kuliner khas Banyuwangi. Rogojampi heng ana sepine.
Miturut sènsus[1], Kecamatan Rogojampi nduwèni wéro 48,43 km2, lan jumlah penduduké 54,554.
Asal-usul Aran Rogojampi
[edit | edit source]Politik devide et impera hang dienggo ambi Londo berhasil, akhire kedaden perang Majapahit ambi Blambangan hang terkenal ambi Perang Blambangan siji, loro ambi telu kanggo kepentingan iki Majapahit ngangkat senopati hang arane Ronggo, sakweneh yoiku Ronggosatoto lan dulure hang arane Ronggojamppi. Iyane mageh bebete Ronggolawe.
Ronggojampi iku wong hang ahli tapa, ahli lelakon lan nyerahaken awake nang Gusti Hang Maha Kuasa (Sang Hyang Widhi).
Ronggojampi iku patih utawa senopati Majapahit. Iyane oleh tugas kanggu ngeredakaken pemberontakan hang ono nang bumi Blambangan.
Ronggojampi, diangkat dadi adipati lan senopati teko kerajaan Majapahit sampek tekan ninggal dunyo. Ronggojampi dimakamaken ono nang Dusun Krajan desa Rogojampi.
Ronggojampi sakliyane dadi adipati uga dadi tabib (hang nambani wong loro), waktu zaman Londo bengen diarani Ronggo utawa Rogo artine awak, Jampi artine jamu. Akhire desa iku diarani desa Rogojampi.
Rujukan
[edit | edit source]- ↑ BPS Kabupatèn Banyuwangi, Kecamatan Rogojampi Dalam Angka Tahun 2018.