Wp/osi/Keraton Blambangan
Keraton Blambangan iku aran Keraton hang ana ring pucuk wètan Pulo Jawa, Blambangan kerep dianggep dadi keraton Hindu pungkasan ring Pulo Jawa[1]. Sakdurungé, Keraton Blambangan pernah dadi pérangan karajan Hindu paling gedhé ing Nusantara yaiku Karajan Majapait (1293-1527). Bubaré Karajan Majapait ring pungkasan abad kaping 15, Blambangan magih langgeng jejeg dadi panguwasa tlatah wétan Pulo Jawa hang saiki dadi pérangan Kabupatèn Banyuwangi, Kabupatèn Jember, Kabupatèn Lumajang, Kabupatèn Bondowoso, lan Kabupatèn Situbondo[2].
Sajarah
[edit | edit source]Kawitan lan Rembakané
[edit | edit source]Sakat Karajan Majapait kuwasa ring abad kaping 13, telatah wètan dianggep papan pinggiran kerana kutha Karajan Majapait ana ring Trowulan, panggonan subur ring sakubengé Kali Brantas (saiki Kabupatèn Mojokerto), saingga telatah jaba kayata Lumajang sak wètané dianggep telatah pérangan / mancanagara kang sing pati dideleng[3].
Raden Wijaya ngawiti ngadegé Karajan Majapait ing taun 1293 sak mariné ditulung Bupati Madura, Arya Wiraraja. Taun 1925 Raden Wijaya nguwèni telatah Lumajang lan sak wètané dadi pérangan / mancanagara Karajan Majapait kanggo ngeregani pitulungé Arya Wiraraja. Arya Wiraraja dadi ratu telatah wètan ing Kutha Lumajang.
Rembakan telatah wètan pernah kasebut ing Kakawin Negarakertagama (disusun taun 1365), kakawin iku nyeritakaken kelendi kahanan telatah wètan pas Ratu Hayam Wuruk medhayoh taun 1359[4]
Telatah wètan / Keraton Blambangan kang dadi pérangan / mancanagarané Karajan Majapait nyatané dadi luwih maju lan luwih kuwasa timbang telatah kulon, Bhre Wirabhumi kang dadi prabu ing telatah wètan ngaku dadi panerus kang sah teka Karajan Majapait, kerana sing terima, Wikramawardhana kang dadi perabu Majapait telatah kulon akhiré nyerang telatah wétan kang diaranai Perang Paregreg (1404-1406). Ing taun 1406, perajurit tlatah kulon kang dipimpin Bhre Tumapel putera Wikramawardhana bisa nembus keraton telatah wètan lan ngalahaken Bhre Wirabhumi.
Sakwisé lèngséré Karajan Majapait ing pungkasan abad 15, Blambangan jejeg déwé dadi keraton Hindhu pungkasan ing Pulo Jawa, Blambangan terus-terusan dadi rebutan lan serangan teka arah kulon lan wètan, krajan Islam kang nyerang teka arah kulon kayata Demak, Pajang, lan Mataram, kepingin nyempurnai kuwasané ing tanah Jawa. Teka arah wètan ana karajan-karajan Hindhu Bali kayata Gelgel lan Mengwi kang dadikaken Blambangan dadi tameng teka pengaruh Islam teka kulon[5]..
Senjakala
[edit | edit source]Paruh puputan abad 16, pendeta Katolik Roma teka jajahan Portugis ing Malaka gaduk ing Jawa Wètan arep nyebaraken Agama Katolik. Iyané medhayoh nang Panarukan lan Blambangan, lan weruh kadhung Pelabuhan Panarukan pada dadi rebutan Pasuruan (Muslim) kang dadi siji ambi Surabaya ngelawan Blambangan[6].
Penjajahan Mataram ring telatah Blambangan dikawiti teka kasilané Sultan Agung ngerebut Pelabuhan Panarukan ing taun 1639. Kerana uculé pelabuhan kang paling penting iku garai Prabu Tawang Alun II Danureja ngeléh Kraton Blambangan nyang arah pedalaman kidul, babad alas Sudiamara ing taun 1665 lan nggawé kutha praja anyar ing Macan Putih kang saiki dadi Kabat, Banyuwangi, 10 kilometer teka Banyuwangi[7]..
Teka 9 perabu hang pernah dadi ratu ing Keraton Blambangan, Prabu Tawang Alun II (1665-1691) dadi ratu hang paling jaya. Masa kepraboné Prabu Tawang Alun II, Keraton Blambangan nguwasani telatah kang saiki dadi Jember, Lumajang, Situbondo, lan Pulo Bali, rakyat hang urip uga sejahtera. Lèngsèré Perabu Tawang Alun kasebut ana ing catetan VOC, Blambangan nganakaken ngaben kanggo mayat Perabu Tawang Alun II lan 271 rabiné kang milu diobong pisan[7].
Taun 1697, Keraton Buleleng teka Bali ngirimaken perajurit kanggo jajah Blambangan[8].
Wiwitan abad 18, VOC Landa lan EIC Inggris rebutan pengaruh politik lan ekonomi ring telatah Blambangan. Rebutan kuwasa pewaris Keraton Blambangan ring jero keluwarga keraton déwé pungkasane kang dadi sebab gampangé kraton direbut lan dijajah VOC masio sakdurugé ngalami perang perlawanan teka rakyat lan pangèran keraton.
Rujukan
[edit | edit source]- ↑ "Menjejaki Sejarah Keagungan Kerajaan Blambangan". Tempo.co (in Indonesian).
- ↑ Margana, Sri (2007). Java's last frontier : the struggle for hegemony of Blambangan, c. 1763-1813. CNWS/TANAP, Faculty of Arts, Leiden University.
- ↑ Theodore G.Th. Pigeaud (2013). Java in the 14th Century: A Study in Cultural History Verhandelingen van het Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde. Springer. p. 419. ISBN 9789401771337.
- ↑ Theodore Gauthier Th. Pigeaud (2013). Islamic States in Java 1500–1700: Eight Dutch Books and Articles by Dr H.J. de Graaf, Verhandelingen van het Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde. Springer Science & Business Media. ISBN 9789401571876.
- ↑ Margana, Sri (2007). Java's last frontier : the struggle for hegemony of Blambangan, c. 1763-1813. CNWS/TANAP, Faculty of Arts, Leiden University.
- ↑ Theodore Gauthier Th. Pigeaud (2013). Islamic States in Java 1500–1700: Eight Dutch Books and Articles by Dr H.J. de Graaf, Verhandelingen van het Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde. Springer Science & Business Media. ISBN 9789401571876.
- ↑ 7.0 7.1 "Menjejaki Sejarah Keagungan Kerajaan Blambangan". Tempo.co (in Indonesian).
- ↑ H.G.C. Schulte Nordholt (2010). The Spell of Power: A History of Balinese Politics, 1650-1940, Verhandelingen van het Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde. BRILL. ISBN 9789004253759.