Wp/osi/Nusantara

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Nusantara

Nusantara, uga diarani lan ditulis Nuswantara ring basa Jawa, iku tap-tapan konsèp pulitik hang dienggo ngarani telatah ring Asia Kidul-wètan maritim. Tembung iki ketap teka rong tembung yaiku nusa (pulo) lan antara (liya). Ring tatanan kanagaran Jawa, peraja Keraton didum dadi telu yaiku:

  1. Nagara Agung
  2. Mancanagara
  3. Nusantara

Nagara Agung iku telatah sak ubengé kutha karajan Keraton papané Raja utawa Ratu marèntah. Mancanagara iku telatah-telatah ring Tanah Jawa lan sak ubengè hang budayané mèmper Nagara Agung nanging panggonané wis ring pinggiran kayata Madura lan Bali. Kadhung Nusantara iku telatah sak jabané pangaribawa budaya Jawa nanging magih diaku dadi laladan jajahan Keraton hang para panguwasané kudu bayar upeti.