Wn/jv/Kajawaran sepak bola Euro 2008 dibuka ing Basel, Swiss

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Kajawaran sepak bola Euro 2008 dibuka ing Basel, Swiss

Setu, 7 Juni 2008

BASEL - Kajawaran sépak bola Euro 2008, dibuka mawa acara cilik ing Basel, Swiss. Taun iki, mèmper taun 2000 acara iki dianakaké déning negara loro; yaiku Swiss lan Ustenrik (Austria). Ing taun 2000 acara dianakaké déning Belgia lan Walanda. Kajawaran kaping 13 iki diwiwiti mawa sawijining pamentasan seni sing suwéné 13 menit lan dianakaké déning séniman saka 13 negara sing dipimpin déning Amanda Amann, Putri Swiss 2007.

Sawisé acara pambuka ini, banjur dianakaké pertandingan kapisan, yaiku antara Swiss lan Ceko ing jam 18.00 wektu Éropah Tengah utawa jam 23.00 wektu Indonésia Kulon. Pertandingan iki wekasané dimenangaké déning Ceko 0 - 1 mawa golé Václav Svěrkoš.

Banjur pertandingan kapindho sing dianakaké ing Jenéwa antara Portugal lan Turki lan wiwité jam 20.45 wektu Éropah Tengah utawa 0.45 wektu Indonésia Kulon dimenangaké déning Portugal 2 - 0. Sing ngegol yaiku Pepe lan Raul Meireles.

Uga delengen[edit | edit source]

Sumber[edit | edit source]