Wn/jv/Portugal numpes Turki 2 - 0 (7 Juni 2008)

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Portugal numpes Turki 2 - 0 (7 Juni 2008)
Line up

Setu, 7 Juni 2008

JENEWA - Portugal bisa mimpin grup A ing Euro 2008 sawisé ngalahaké Turki. Pepe lan Meireles sing bisa nyithak gol ing Jenéwa.

Sadurungé réhat, pertahanan Turki ora bisa ditempus déning Portugal sing olèhé main luwih apik. Simão sing olèh tendhangan bébas gagal ngegol lan balé ngliwati gawang dhuwur. Banjur tendhangan Ronaldo bisa ditangkep kiper Volkan. Pepe bisa nyendhul bal karo sirahé nanging dianggep offside.

Banjur sawisé réhat tendhangan Nuno Gomes uga namung kena cagak gawang waé. Nanging pungkasané Portugal bisa skor 1 - 0 déning Pepe sing diréwangi Nuno Gomes.

Banjur Ronaldo nyerang saka sisih kiwa karo Nuno Gomes, nanging ora bisa mlebu namung kena wesi gawang dhuwur waé. Banjur tim Turki nyoba nyerang manèh, nanging tanpa pituwas. Ing wektu tambahan, Meireles bisa nambah skor sawisé disedyakaké déning Ronaldo lan Moutinho.

  • Kasil
  • Portugal 2 (Pepe/61, Meireles/90+3) - Turki 0
  • Penonton: 29.106 jiwa
  • Wasit: Fandel (Jerman)
  • Kartu kuning:
    • Portugal: -
    • Turki: Kazim-Richards/4, Gökhan/51, Sabri/73
  • Portugal: Ricardo, José Bosingwa, Pepe, Ricardo Carvalho, Paulo Ferreira, Petit, João Moutinho, Cristiano Ronaldo, Deco (Fernando Meira/90+2), Simão (Raul Meireles/83), Nuno Gomes (Nani/69)
  • Turki: Volkan Demirel, Hamit Altıntop (Semih Şentürk/76), Servet Çetin, Gökhan Zan (Emre Aşık/55), Hakan Balta, Colin Kazim-Richards, Emre Belözoğlu, Mehmet Aurélio, Mevlüt Erdinç (Sabri Sarıoğlu/46), Tuncay Şanlı, Nihat Kahveci

Sumber[edit | edit source]