Wn/jv/Tuwan omah Swiss dikalahaké Ceko 0 - 1 (7 Juni 2008)

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Tuwan omah Swiss dikalahaké Ceko 0 - 1 (7 Juni 2008)
Line up

Setu, 7 Juni 2008

BASEL - Ceko miwiti Euro 2008 mawa kabegjan. Ceko bisa menang 1 - 0 ing tuwan omah Swiss.

Sajatiné wong-wong Swiss luwih apik olèhé main. Tuwan omah iki ora senèwen lan luwih 'ngancam' penampilané tinimbang wong Ceko sing kangélan nyedhaki panyerang; Koller. Tim sépak bola sing dilatih déning Karel Brückner iki daya tahané kuwat.

Wong Swiss sing paling mbebayani yaiku Alex Frei. Dhèwèké ngancam kiper Cech sawetara wektu. Nanging sadurungé réhat dhèwèké kudu diganti déning sawijining kaluputan cilik Grygera. Mawa luh mbrebes mili, Frei kudu metu saka lapangan.

Nanging tim Swiss ora apa-apa ditinggal Frei. Ing babak kapindho, tim Swiss miwiti sacara ganas, nanging kasilé namung témbakan Magnin sing nyasar.

Banjur ing tim Ceko, Koller diganti déning Svěrkoš. Sayang, panampilané ora owah. Swiss isih tetep luwih apik. Nanging Ceko sing pungkasané sing ngegol. Sawijining serangan Swiss digagalaké lan Sverkos kabegjan nampa bal lan ditendhang mlebu.

Wong-wong Swiss banjur nyoba nggawé skor 1-1, lan katoné bakal kasil Vonlanthen mèh bisa ngegol, nanging kena wesi dhuwuré gawang. Banjur wong-wong Ceko ora njupuk inisiatif manèh.

  • Kasil
  • Swiss 0 - Céko 1 (Václav Svěrkoš/70)
  • Penonton: 39.730 jiwa
  • Wasit: Rosetti (Italia)
  • Kartu kuning:
    • Swiss: Magnin/59, Vonlanthen/76, Barnetta/90+3
    • Céko: -
  • Swiss: Diego Benaglio, Stephan Lichtsteiner (Johan Vonlanthen/75), Patrick Müller, Philippe Senderos, Ludovic Magnin , Valon Behrami (Eren Derdiyok/84), Gokhan Inler, Gelson Fernandes, Tranquillo Barnetta, Alexander Frei (Hakan Yakın/46), Marco Streller
  • Céko: Petr Čech, Zdeněk Grygera, Tomáš Ujfaluši, David Rozehnal, Marek Jankulovski, Tomáš Galásek, David Jarolím (Radoslav Kováč/87), Jan Polák, Libor Sionko (Stanislav Vlček/83), Jaroslav Plašil, Jan Koller (Václav Svěrkoš/56)