Wb/jv/Unggah-ungguhing Basa/Basa Madya

From Wikimedia Incubator

Basa madya utawa Basa Jawa Krama Madya kuwi tataran jroning undha-usuk basa Jawa, sakdhuwuré tataran Basa Jawa Ngoko nanging sangisoré Basa Jawa Krama. Basa Jawa tataran Krama Madya iki dipérang dadi lima, yakuwi Madya Krama, Madyantara, Mudha Krama, Kramantara, lan Wredha Krama.

Madya Krama[edit | edit source]

Madya Krama iki biasa dianggo déning wong padésan marang wong liya sing dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan. Ciri-ciriné antara liya:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Panambang -e tetep ora owah

Tuladha: (A migunakaké basa mdya ngoko, B migunakaké basa madya krama).

A: "É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla".
B: "Napa, ajeng tumbas?"
A: "Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?"
B: "Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé".

Madyantara[edit | edit source]

Basa Jawa Madyantara iki tembung tembungé diwangun saka basa Madya Krama, ananging tembung-tembung sing ditujokaké marang wong sing diajak wicara diowahi dadi krama inggil. Tataran basa Madyantara iki biyèn dianggo déning priyayi cilik marang garwané, nanging saiki wis arang banget dianggo. Ciri-ciriné antara liya:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Ater-ater di-, tetep ora owah.

Tuladha; (A Ibuné B Kula)

A: "Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok pikir?"
B: "Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?"
A: "Iya".
B: "Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu".
A: "Rak ya wis cedhak".

Mudha Krama[edit | edit source]

Basa Mudha Krama iki basa sing luwes banget kanggo sok sapa waé. Wong sing diajak wicara dikurmati, déné sing ngajak wicara mapanaké dhiri pribadi ana ing tataran sangisoré. Biasané dianggo déning para mudha marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciriné antara liya:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi panjenengan, sampéyan, panjenenganipun kangmas, panjenenganipun ibu lsp.
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi dipun
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi panjenengan, sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi -ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken

Tuladha:

A: "Bapak, punika wonten tamu. Sajakipun priyantun tebih".
B: "Ana tamu. Aturana lenggah dhisik. Tak salin sedhéla".
B: "É déné kowé, tak arani dhayoh saka ngendi".
C: "Inggih, temtunipun damel kagèt panjenenganipun bapak sekaliyan. Tiyang kula, mboten ngaturi serat rumiyin".

Kramantara[edit | edit source]

Kramantara kuwi kabèh tembung-tembungé saka basa krama ora dicampur karo krama inggil. Biasa dipigunakaké déning wong tuwa marang wong sing luwih anom, dideleng saka umur utawa kalungguhané. Ananging dina iki tataran basa Kramantara iki wis ora biasa dianggo, senadyan tumrap sing luwih anom lan luwih dhuwur kalungguhané ora kabotan nganggo tataran basa Mudha Krama. Ciri-ciriné:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater di-, diowahi dadi dipun-
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken

Tuladha A nganggo basa Kramantara B nganggo basa Mudha Krama

A: "Dhateng kula punika manawi pun adhi suka, kula nedha nyambut gadhahan sampéyan gangsa klenèngan".
B: "Kagem ing damel punapa teka kadingarèn mawi mundhut klenèngan".
A: "Anu, keng mbakyu nyetauni putu, kemaruk sampun lungsé saweg gadhah putu sapunika".
B: "Ingkang kapundhut sléndro punapa pélog?"
B: "Kalih pisan kémawon, mangké yèn namung salah satunggal mindhak damel cuwaning tamu"

Wredha Krama[edit | edit source]

Wredha Krama kuwi mèh padha karo Kramantara, padha-padha ora dicampur nganggo tembung krama inggil, bédané ana ing ater-ater di-, panambang -é, lan panambang -aké.

  • Ater-ater di- ing tataran Kramantara diowahi dadi dipun-, nanging ing Wedha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -é, ing basa Kramantara diowahi dadi ipun, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -aké ing basa Kramantara dadi aken, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Tembung aku, kowé, ater-ater dak-, ko-, padha karo ing tataran Kramantara.

Tataran Wedha Krama iki uga wis arang dianggo, umué luwih milih Mudha Krama.

Tuladha: A nganggo basa Wredha Krama B nganggo basa Mudha Krama

A: "Pinten lélangané kapal kalih punika?"
B: "Kula nun, kawan belah, dèrèng presèn tuwin wragading lampah".
A: "Dados mboten kirang kawan atus resiké?"
B: "Manawi".
A: "Punapa mulus mboten wonten ciriné?"
B: "Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk".
A: "Inggilé punapa jangkep kawan kaki?"
B: "Namung kirang sadim".

Delengen uga[edit | edit source]

Wacan[edit | edit source]

  • DR. Aryo Bimo Setyanto, SH, Parama Sastra Bahasa Jawa, Panji Pustaka Yogyakarta, Cithakan pisanan Oktober 2007 ISBN 979-25-2732-X
  • Dr. Purwadi, M.Hum.,et al, Tata Bahasa Jawa, Media Abadi Yogyakarta, cithakan pisanan Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9