Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Modhèrn
Sastra Jawa Modhèrn wiwit metu nalika jaman Walanda wis suwe ing tanah Jawa. Yen dietung wektune, kira-kira pas abad sangawelas Masehi.
Wong-wong Walanda mau ngeguhke supaya para pujangga Jawa nulis crita kaya dene kang ana ing prosa wong bule. Ora kaya crita-crita Jawa sadurunge, critane ora ngenani wayang utawa lelakon kang wis kepungkur dadi lakon gethok tular.
Pisanane, basa kang digunaake nganggo basa krama. Nalika wiwitan Balai Pustaka, sastra Jawa luwih akeh tinimbang sastra Melayu. Sastra Jawa modern wiwit kondhang nalika basa ngoko wiwit dienggo. Jaman kuwi, majalah Panjebar Semangat kang dipandhegani dening dr Soetomo nganggo basa ngoko supaya akeh kang bisa maca.
Sastra Jawa ngeda-edabe nalika ing antarane 1950-1960-an kang akeh dicithak novel-novel picisan (asring uga sinebut novel panglipur wuyung). Jeneng kaya Any Asmara, Esmiet, Suparto Brata, lan miwite dadi wong kondhang.
Daftar anggitan sastra
[edit | edit source]Novel utawa Carita cekak
[edit | edit source]- Lelampahaning Purwalelana, Raden Mas Purwalelana (jeneng sesinglon), 1875-1880.
- Banjire Wis Surut, J. F. X. Hoery, 2006.
- Kamar Bandhosa, Any Asmara, 1967.
- Lelakone Si lan Man, Suparto Brata, 2004.
- Pagelaran, J. F. X. Hoery.
- Rangsang Tuban, Padmasoesastra, 1913.
- Ratu, Krishna Mihardja, 1995.
- Tunggak-Tunggak Jati, Esmiet.
Geguritan (puisi)
[edit | edit source]- Angin Ketiga, déning Trim Sutidja (kapacak ing kalawarti Jayabaya No. 17 Oktober 1971)
- Prapatan Cilik, déning Djudjuk S. (Kapacak ing kalawarti Djaka Lodang No. 195 taun 1975).
Sandiwara
[edit | edit source]- Golèk séwan omah, déning Kus Sudyarsana.
- Jaka Tingkir, déning Soemardjono.
- Téga Larané Ndak Téga Patiné, Keluarga Ludrug R.R.I.
Bali menyang
[edit | edit source]Sastra Jawa