Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Modhèrn/Téga Larané Ndak Téga Patiné

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Sastra Jawa‎ | Sastra Jawa ModhèrnWb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Modhèrn > Téga Larané Ndak Téga Patiné
Jump to navigation Jump to search

Téga Larané Ndak Téga Patiné, kuwi sawijining lakon ludrug déning kulawarga Ludrug R.R.I. Ludrug kuwi tontonan panggung asal saka Jawa Timur, dadi basané ya migunakaké logat utawa dhialèk Jawa Timuran.


gamelan


Babak siji[edit]

Bebukané pasugatan kula:
kula ngaturaken suka harja,
mugi sami andadosna rena,
yèn manawi lepat nyuwun ngapura.


Nang Surabaya numpak sepur,
kenèk numpak bécak nang Kalimati.
Ayo kanca, padha dadi dulur,
ayo nyawiji bekti ibu pertiwi.


Indonésia rak wis bukti,
kondhang gemah ripah loh jinawi.
subur kabèh kang sarwa tinandur,
murah barang kang sarwa dituku.


Hé hé, nèk tak pikir pancèn ya bener, ya ana kenyataané: Indonésia iki subur lan makmur, negara akèh pulo lan segarané, tur tanahé ya subur, isi bahan-bahan kang migunani tumrapé bangsa. Mula rakyaté aé tak jaluk padha gelem mbudidaya ya-apa bisané tambah pametuné, ya kudu sregep nyambut gawé tur sugih kawruhé. Iku kabèh saraté kanggo makmurna negarané.

E, e, e, éhem!

Kucing gering nggawé kacamata,
asu kèkèk bantingan oncé.
Padha sing éling barèk sapadha-padha,
supaya bisa tentrem uripé.


(Thok thok thok thok thok)

  • Markuwat: Lah!
  • Patollah: Sapa iku?
  • Markuwat: Aku Lah.
  • Patollah: O... Markuwat!
  • Markuwat: Ya. Tak sawang-sawang teka kadohan kaya-kaya uripmu iku wis ayem, wis gak kurang dhedhek, gak kurang pari, kluwak-kluwuk ngidung, padhané ludrug aé. Lah, Lah!
  • Patollah: Heh heh! Kon iku, Wat! Lah tinimbangané nglamun lak angur ngidung tah, Wat. Kok kadingarèn, Wat! Apé nyang ndi?
  • Markuwat: Ya angkaté .. methuki awakmu ki lho, tèlèk butuh, nèk an. Heh!
  • Patollah: Mulané kok klumbrak-klumbruk kon iku, Wat.
  • Markuwat: Nèk ngomong apa angger ngomong apa-a? Klumbrak-klumbruk iku rumangsamu aku iki kaya klambi wis amoh ngono tah? Wong oiku sawangen dhisik. Aja angger ngomong cemplang-cemplung. Rupané wong kuwi ya-apa, sawangen ngono!
  • Patollah: Heh heh! Ngéné lho, Wat. Polatanmu iku lak rada surem ah.
  • Markuwat: Hm...?
  • Patollah: Tak umpamakna kaya mbulan ketutupan mendhung, kaya gajih ketutupan bon-bonan. Lak ngono tah!
  • Markuwat: Ngono aé sing kon gunem iku! Lah ya-apa lèhku gak susah, Lah, Lah! Wong tuwa kathik lara, dhuwik gak nyekel. Bapak lak lara tah, Lah.
  • Patollah: Lara apa, Wat?
  • Markuwat: Hm? Pèndhèké kon eruh ngono gak mentala. Nèk awan iku .. panas!
  • Patollah: Nah, nèk bengi?
  • Markuwat: Adhem.
  • Patollah: Nah, nèk ésuk?
  • Markuwat: Anget-anget .. kuku.
  • Patollah: Heh heh heh! Olèhmu mblakrak kon iku! Lah tekamu rén´ki apé apa?
  • Markuwat: Lho, karepku lak ya ngriwuk awakmu tah, nyilih dhuwik satus ngono lho.
  • Patollah: Lah ya, Wat, kon iku kok anèh. Lah mbok utang sedulurmu! Cak Munali iku lak dulurmu, ah?
  • Markuwat: Lah ya.
  • Patollah: Athik dulurmu ya sugih. Wong dulur sik gak sugih ngono kok, utang nang kanca iku lak ngaya ta!
  • Markuwat: Ya ngéné. Lah. Mulané aku gak ngriwuk dulur ik, umumé wong dulur iku lak endi sing ana lak ya wèwèh tah. Lah wong Cak Munali iku dulur nèk methuk padhané mungsuh, luwih-luwih nèk mbèk bapak wis gak mémba mèmper. Wong bapak gak dianggep wong tuwané. Ngono manèh, Lah Lah!
  • Patollah: Ngéné lho, Wat!
  • Markuwat: He-eh.
  • Patollah: Aku ngono ya gelam-gelem aé nulung, luwih-luwih kanggo kebutuhané wong tuwamu.
  • Markuwat: Lah ya-apa?
  • Patollah: Tapi ya jajalen dhisik barèk cacakmu. Nèk pancèn awakmu rana gak kasil..
  • Markuwat: He-eh?
  • Patollah: ... engko aku ya sanggup nulung awakmu.
  • Markuwat: Kon iku temen tah, Lah?
  • Patollah: Kon iku sih kurang percaya aé sé, Wat kon iku!
  • Markuwat: Ya wis nèk ngono, aku tak mulih.
  • Patollah: Ya ya ya.

Babak loro[edit]


gamelan


  • Akub: Adhuhhhh! Adhem apa awak iki! O Allah! Nak! Markuwat! Kok becik kon, nak, ana wong tuwa lara ngéné kok kon tinggal lunga!
  • Markuwat: Pak! Bapak!
  • Akub: Apa?
  • Markuwat: Wis waras tah, pak?
  • Akub: Ah, apané sing waras Wat?
  • Markuwat: Ya larané sing waras iku, mosok utangé waras.
  • Akub: Kon iku kok nemen, nak, olèhé gak jawa ambèk wong tuwa.Kon nèk nemen-nemen gak jawa ambèk wong tuwa, kon nèk tak tinggal mati getun! Getun kon iku, nak!
  • Markuwat: Heh, gak kliru tah, pak, pena ngomong iku lho! Sing getun iku lak mesthiné pena tah, pak. Lah wong wong mati, geytuné iku lho. Nèk pena mati, gak kétok padhang hawa, gak eruh rasané mangan lonthong balap. Kok ngilokna aku pena tinggal mati getun iku lho.
  • Akub: Maksudé bapak iku gak ngono, nak. Gak teka lonthong balap, gak teka hawa, padhang hawa. Nèk kon tak tinggal mati, kon gak ana sing nuturi, Markuwat!
  • Wong akèh wong lara gak kaya pena, pak.
  • Akub: He he
  • Markuwat: Wak Jan iku tau lara gak ngrintih ngono aé. Lara sepisan dijaluk anèh-anèh, mari njaluk plembungan, njaluk layangan, njaluk pèntil.
  • Akub: Kon iku klèru tampa. Bapak gak njaluk layangan, gak njaluk plembungan. Bapak iki ikhtiyarna, dadi kon lunga nèk muluih nggawa jamuné bapak ya, nak!
  • Markuwat: Ya, dak ihtiyarna, wong aku ya tèlèk dhuwik, pak.
  • Akub: He-eh.
  • Markuwat: Nang Patollah gak ana, dikongkon nang cak Munali.
  • Akub: Ya bener.
  • Markuwat: Pena aé aja metu-metu! Engko nèk metu ana rase ndhèdhèsi!
  • Akub: Rasakna metu, nak, wong medhun teka ambèn ae gak isa, dadkna ...
  • Markuwat: Na omah ae, ya?!
  • Akub: Ya.
  • Markuwat: Tak tinggal tèlèk dhuwik, nang cak Munali.
  • Akub: Nèk wis olèh dhuwik ...
  • Markuwat: Gae tuku jamu.
  • Akub: Olèh dhuwik aja lali ya, nak ...
  • Markuwat: Ya?
  • Akub: ... tukokna jamu, bapak cik-bèn waras!
  • Markuwat: Ya, tak budhal ya.
  • Akub: Adhuh! Adhuh!

Babak telu[edit]


gamelan


Angin ngidul-lon parane
gunung sela tanduran tela
madhep ngetan ora ana kancane

  • Munali: Hm, ehem! Pancèné nèk ngrungokna gendhing Godril iku ... heh, ndahnéya dirungokna ambèk ngombé wédang ngono, seger, antarané isa ngresep nang balung sungsum. Sayangé wédang jané tak-ombé, dipancal kucing. Apa-a? Tak pikir ya gak salah kucingé, salah olèhku ndèkèk. Coba, olèhku ndèkèk iki bener, antarané ya gak dipancal kucing. Ah, wong iki nèk sugih gak klawan-klawan, ya gak anak, ya gak bojo, gak ana sing ngriwuk. Sayangé jané nggodhok wédang wedi nèk kentèkan gendhing, gak nggodhog iki gak ana sing tak ombé.


(Thok, thok, thok, thok, thok)

  • Munali: Sapa iki?
  • Markuwat: Aku, cak.
  • Munali: Kon, Wat?
  • Markuwat: Ya.
  • Munali: Lah apa?
  • Markuwat: Ya mréné ki ana perluné, cak.
  • Munali: Ana apa riwa-riwi aé?
  • Markuwat: Ngéné, cak, ngomong ki sing sabar thithik apa-a! Wong arané aku dulur, gak tau sambang mréné, sambang réné sepisan iki angkaté ngriwuk dhuwik satus, cak, gaé tuku jamuné bapak. Bapak lak lara tah, cak!
  • Munali: Bosen, Wat! Kok bapak iku na kéné ngono lah wong tanggunganku. Wong bapak iku na 'nggoné awakmu, ya tanggunganmu. Lah, kon, ya-apa ihtiyarmu?
  • Markuwat: Ya biyen nyambut gawé, perkara bapak lara tanggunganku. Wong gak nyambut gawe...! Engko aku ngriwuk nang wong liya, sawangané aku iki kok gak ngétok-ngétokna dulur. Dulur sugih kok dikétokna leh sugih, gak tak jawab, ngono lho, cak.
  • Munali: Terang nek pancen awakmu iku wis gak dipercaya ambek wong liyan. Barek lho, kon iku lho, kuncung tumekaning gelung... sambat aé lho. Gak bosen-bosen tah! Ya-apa kon iku?
  • Markuwat: Wong atasé dhuwik satus aé, cak.
  • Munali: Wis ngéné aé, cekak aos, aku wis gak isa nganani.
  • Markuwat: Gak oleh satus ya pitung-pitung puluh lima, ngono aé lho.
  • Munali: Aja papak kon muni satus, ngomonga tah... seringgit ngono, gak ana wisan.
  • Markuwat: Pena iku sé, temené gak percaya ambek aku, olehé gak sakna ambek bapak iku lho! Aku gak perlu akeh-akeh omong, gak perlu akeh-akeh sambat, nek gak ana satus ya wis... satus-satus seket ngono!
  • Munali: Wong dikandhani 'ngomonga seringgit gak ana' kok, mempeng aé!
  • Markuwat: Gak ana temen tah?
  • Munali: Gak ana!
  • Markuwat: Wis, tak tinggal mulih lho, cak.
  • Munali: Mulih karepmu, gak mulih karepmu!

Babak papat[edit]

gamelan


  • Patollah: Lho, Wat, bolak-balik kok kon aé!
  • Marjuwat: Heh hm, lah wong ...
  • Patollah: Cekukrak-cekukruk padhané kucing mari kodanan aé! Teka endi kon, Wat?
  • Markuwat: Ya nuruti omonganmu iku lho! Teka endi maneh? Teka omahé cak Munali. Wong kongkon utang dhuwik na kana wis gak dikèki, dicelathu sakayah-kayahé.
  • Patollah: Heh heh heh heh!
  • Markuwat: Ngomong sakecap, cak Munali ngomong rong kecap. Aku rong kecap, kana limang kecap, bulé aku gak isa kecap-kecap.
  • Patollah: Heh heh heh! Kon iki ééé. dadi ngono iku maeng tah.
  • Markuwat: Lah ya-apa!
  • Patollah: Tak kandhani, aku wis ngerti nèk menawa wataké Munali iku kasar ...
  • Markuwat: He-eh.
  • Patollah: ... atèn-atèné kaku.
  • Markuwat: Lah iku!
  • Patollah: Tapi kon kudu ngerti, nèk dudu aku mungsuhé ngono gak ana Munali iku, Wat.
  • Markuwat: Ayo, oléhmu ngomong iku lho, cik sombongé iku lho! Kon iku wani temen ambèk cak Munali?
  • Patollah: Hééé ... kurang percaya! Aja cacak sacacakmu, rong cacakmu, paribasané tal ladèni, Wat!
  • Markuwat: Ayo, saiki ngéné, aja ramé-ramé ya?
  • Patollah: Ya.
  • Markuwat: Endi janjimu dhuwik satus rupiyah iku lho?
  • Patollah: Aja kuwatir! Atasé persoalan dhuwik aé lho! Heh, ki lho!
  • Markuwat: Ya nedha trima, prelu gaé nukokna jamuné bapak iku lho, Lah.
  • Patollah: Tapi ya ngono ...
  • Markuwat: He-eh?
  • Patollah: ... cacakmu iklasna, ya?
  • Markuwat: Lho lho, aja diterusna ngomong kaya ngono iku, Lah!
  • Patollah: Apa-a, Wat?
  • Markuwat: Engko pas dadi seksi aku. Nèk seksiné gak sepira, èndhang-èndhengé iku lho.
  • Patollah: Lho, sing dadi lak akalé lan carané tah?
  • Markuwat: Cara ya-apa manéh, Lah Lah?
  • Patollah: Kari ngeténi awakmu, iklas tah nggak, ngono aé.
  • Markuwat: Lho, karepé ki tak iklasna. Aku iku kandhanana dhisik, sing dimaksudna iklas iku apa, lak ngono tah?
  • Patollah: Pokoké kari kon, iklas tah enggak. Nèk iklas ya tak akalna, tak carakna.
  • Markuwat: Ya wis, tak iklasna, Lah.
  • Patollah: Lah, nèk kon iklas ya ...
  • Markuwat: He-eh?
  • Patollah: ... entènana ana kéné ya.
  • Markuwat: Ya.

Babak lima[edit]

gamelan


Trunajaya pahlawan Madura,
Sawungggaling putra Surabaya,
Ayo padha nyipta ékapraya,
Mbeciki iman mbangun negara.


Numpak sepur trus myang Kalisosok,
Numpak bémo menyang Kalimati,
Patunggonana budi kang alus mangké dados,
Nyuntak ambeg dhiri.


Kembang tanjung sumebar ndhok latar,
Patembangan ati sing sabar,
Iku laku prayoganéééé-
hééééééé...



  • Patollah: Nuwun!
  • Munali: Sapa iku? O, pena, Lah?
  • Patollah: Ya, cak.
  • Munali: Ana gawéné ah?
  • Patollah: Ya ana gawéné sethithik, cak.
  • Munali: Teka endi aé?
  • Patollah: Teka omah aé kok, cak.
  • Munali: Utang dhuwik tah? Nek utang dhuwik gak ana. Tapi ya, nek gelem, dhuwik wédok.
  • Patollah: Dhuwik wédok ya-apa sé, cak?
  • Munali: Ika lho, Lah, dhuwik manak. O, padhané arek cilik aV, Lah.
  • Patollah: Nggak, cak, tekaku mréné iki gak utang dhuwik.
  • Munali: Ya.
  • Patollah: Aku lak dikongkon arek-arek iki ah, cak.
  • Munali: Kongkon apa?
  • Patollah: Nek pena gelem...
  • Munali: Ya ya.
  • Patollah: Arek-arek iki lak apé nganakna arisan ah, cak.
  • Munali:Arisan?
  • Patollah: Saben wulané rong atus. Tapi .. oleh mangan, cak.
  • Munali: Lho, wah iku cocog.
  • Patollah: He-eh.
  • Munali: Aja athik muni rong atus, Lah, masi limang atus gak kabotan aku. Tapi kapan iku ngono, Lah?
  • Patollah: Ya minggu ngarep iki, cak.
  • Munali: Na omahé sapa?
  • Patollah: Na endi maneh nek gak na omahku, cak.
  • Munali: Tapi aja lali, Lah!
  • Patollah: Apa-a, cak?
  • Munali: Suguhané...ya?
  • Patollah: Ya ya, cak.
  • Munali: Ambek seger-segeré lho, Lah!
  • Patollah: Wah, soal iku... wah, aja kuwatir maneh, cak. Aku sing nanggung, cak.
  • Munali: Ambek dhuwiké kon gawa saiki tah?
  • Patollah: Nek isa ya tak gawa saiki, cak.
  • Munali: Kebeneran ana karen neng nggoné sak iki.
  • Patollah: Ya.
  • Munali: Iki lho, tampanana!
  • Patollah: Ya ya, cak. Pena lak setuju sé cak?
  • Munali: Wah, wis cocog iku!
  • Patollah: Wis aja lali, Minggu ya tak enteni, arek-arek na kana kabeh, cak.
  • Munali: Ya ya.
  • Patollah: Aku mulih, cak, ya?
  • Munali: Ya ya.

Babak nem[edit]

gamelan


  • Markuwat: Lho, Lah!
  • Patollah: Wat!
  • Markuwat: Ya-apa kabaré? Wis kasil tah, Lah?
  • Patollah: Ndelok-ndelok sing usaha, sé! Lah nèk sing usaha aku ya rong atus kecekel tangan.
  • Markuwat: Ho, kon iku temen tah, Lah!
  • Patollah: Lho, sing dadi lak buktiné, tah? Ki lho, rong atus, tampanana!
  • Markuwat: Wah ya... tak tampani! Kon iku pinter temen, Lah. Mangka cacak ki kerasé kaya ngono kok isa teluk ambèk awakmu iku lho.
  • Patollah: Lho, mulakna tah, sing dadi lak omongané, Wat.
  • Markuwat: Lah iya.
  • Patollah: Aja kok kaya kon ngono! Isamu pringas pringis thok aé.
  • Markuwat: Heh heh! Lah ya-apa, Lah? Cacak mau apa gak murang-muring tah, Lah?
  • Patollah: Gak! Malah tak jawabi dhuwik rong atus iki gak murang-muring, guyuné cekakakan, Wat.
  • Markuwat: Wadhuh! Kon iku temen tah! Lah saiki ya-apa, Lah?
  • Patollah: Nah... kon kudu manut aku lho, Wat. Dhuwik iki, Wat, gaé nyaur dhuwikku.
  • Markuwat: Ya ya ya ya.
  • Patollah: Lah, kon mbésuk Minggu aja lunga-lunga lho, Wat!
  • Markuwat: He-eh.
  • Patollah: Na omah aé!
  • Markuwat: Lho lho! Wurung av, Lah! Pumpung durung kebacut. Bapak sekawit waras angkaté kon gawé perkara manèh.
  • Patollah: Wis ta lah, Wat! Percaya barèk aku! Nèk ana apa-apané engko, aku sing nanggung.
  • Markuwat: Lho..nèk ngomong kaya ngono, tapi temen lho, Lah!
  • Patollah: Temen-temen, Wat

Babak pitu[edit]

gamelan


  • Munali: Lah! Lah! Patollah, Lah!
(thok thok thok thok)
Lah! Lah! Patollah! Lah!
(thok thok thok thok thok thok thok)
Lah! Patollah!
(thok thok thok thok thok thok thok)
Wah, wah, wah, wah! Ya-apa arèk iki? Hmmmm ... angkatè njajal aku! Lho lho lho, arék-arék iki ya-apa? Munali kéné! Wis kandel temen kulité! Hmmmmm, titénana nék kepethuk! Lho ana surat..! 'Ada di .. eh tidak ada di rumah. Kaluk mencari di tempatnya Markuwat.' Wadhuh, nggoné bapak iki! Oh gak perduli, masi nggoné bapak. Aku gak perlu ambék bapak, tapi perlu ambék Patollah. Ya-apa arék iki! Sida tak-kemah temen arék iki!

Babak wolu[edit]


gamelan


  • Patollah: Wis, Wat, kon iku nuruta! Aja akèh-akèh omong tah, Wat, kon iku, ah!
  • Markuwat: Wah, ya, nuruti apa manèh sé, Lah? Kon iku! Wong waras kon kongkon lara iku lho! Wong lara ditèlèkna tamba cik bèné waras, dadak wong waras dikongkon lara iku!
  • Patollah: Wah, kakèhan ngomèl kon iku! Wis tah, iku pokoké nurut nang aku bèrès, bèrès, Wat, kon iku, ah!
  • Markuwat: Ngéné, Lah. Cacak iku atiné gak kenèkan, atiné keras. Nèk kadhung murang-muring iku, lho, omah kéné gaé tembungan temen iku.
  • Akub: Wis tah, nak! Kon iku nuruta omongané Patollah. Engko nèk pancèné cacakmu mréné muring-muring, aku lak isa nuturi ah, nak!
  • Patollah: Km lho!
  • Markuwat: Nuruti apa sé, pak? Kok nurat-nurut aé! Omah iki rak wis dhoyong. Nèk cacak murang-muring, lho, omah iki lak isa rubuh, kebyukan temen, Lah.
  • Patollah: Ngéné lho. Nèk ana apa-apané cacakmu, engko aku sing nanggung. Pokoké kon nurut ya, bèrès! Saiki, heh, kéné, sirahmu blebeden kéné!
  • Markuwat: Wathah thah thah! Wathah! Lho, beneré lak ya bathuk sém Lah, sing dicancang. Lah kok kuping ki lho.
  • Patollah: Heh heh heh heh!
  • Akub: Kengisoren, Lah, kon olèhmu nyancang!
  • Patollah: Lho...!
  • Akub: Dhukurna thithik! Dhukurna thithik!
    • Markuwat: Dadak irung sing dicancang, tambah gak isa ambegan aku, Lah, Lah!
  • Patollah: Nang endi, Wat, kon iku! Hm, ah! Kéné kéné kéné! Kéné kéné, tangané! Tangané! Tangané kéné!
  • Markuwat: Lah kok tangan gak apa-apa kon cancang iku lho.
  • Patollah: Wis tah!
  • Akub: Pancèné kon iku cengkal iku apa!
  • Patollah: Ayo sing cepet thithik! Engko cacakmu selak réné iki lho. Ah, kon iku lho!
  • Markuwat: Wadhuh, sumuké, rèk!
  • Patollah: Ah... kéné kéné! nèk wis mari, kéné, mapana na ambèn kéné!
  • Markuwat: Ya ya ya ya!
  • Patollah:Lah, niki ngèten wak...
  • Akub: Ya, nak?
  • Patollah: ... mengké nèk anak sampéyan Munali mriki sawayah-wayah..
  • Akub: He-eh?
  • Patollah: ... sampéyan éwangi nangis, nggih wak, nggih?
  • Akub: Ya, ya, nak. Ya ya ya.
  • Munali: Lah! Lah! Lah! Patollah! Hm, lho!

Babak sanga[edit]

Babak sepuluh (tamat)[edit]

Wacan[edit]

  • J.J. RAS, Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, Seri Terjemahan Javanologi, Hasil kerjasama Proyek Penelitian dan Pengkajian Kebudayaan Nusantara dengan Perwakilan Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde. Penerbit PT Grafiti Pers, Cithakan pisanan 1985.