Wb/jv/Paugeran nulis Aksara Jawa/Sandhangan

From Wikimedia Incubator

Minangka sawijining abugida utawa alphasyllabary kabèh aksara Hanacaraka iku sacara otomatis wis ngandhut swara [a]. Contoné ing aksara Hanacaraka ora ana simbul sing nglambangaké uni /k/ anané (ꦏ). Nanging swara a iki bisa diganti lan diowahi mawa tandha diakritis. Tandha-tandha diakritis iki ing basa Jawa diarani sandhangan. Ing aksara Hanacaraka ana telung jenis sandhangan: sandhangan swara, panyigeging wanda lan wyanjana.

Sandhangan swara[edit | edit source]

Sandhangan swara

Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ inadhuwuring sawijining aksara.

  • Wulu (ꦸ) ngowahi swara dadi /i/.
  • Suku (ꦶ) ngowahi swara dadi /u/.
  • Pepet (ꦼ) ngowahi swara dadi /ě/.
  • Taling (ꦺ) ngowahi swara dadi /é/ utawa /è/. Taling iki ditulis ing sisih kiwa sawijining aksara.
  • Taling tarung (ꦺꦴ) ngowahi swara dadi /o/. Taling tarung iki ditulis ing sisih kiwa lan tengen sawijining aksara.

Sandhangan panyigeging wanda[edit | edit source]

Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nambahi sawijining aksara swara /h/, /r/, /ŋ/ utawa matèni aksara.

layar - kanggo uni /r/
wignyan - kanggo uni /h/
cecak - kanggo uni ng /ŋ/
patèn utawa pangkon - kanggo 'matèni' aksara ngilangi swarané

Sandhangan wyanjana[edit | edit source]

Sandhangan wyanjana ditrapaké kanggo nggabungaké uni sawetara aksara.

cakra - kanggo uni /r/
cakra keret - kanggo uni /re/, minangka gantiné gabungan cakra lan pepet
péngkal - kanggo uni /y/

Contoné, ka karo cakra dadi ngasilaké wanda kra.


Kombinasi[edit | edit source]

Sawetara sandhangan saka kategori sing séjé-séjé bisa digabungaké ping siji kanggo ngasilaké wanda sing luwih njlimet. Contoné, ka, wulu, cakra, lan cecak bisa digabung kanggo ngasilaké wanda /kriŋ/ ("kring").

Mangga mirsani[edit | edit source]