Wb/jv/Paugeran nulis Aksara Jawa/Aksara swara lan aksara murda

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Paugeran nulis Aksara Jawa > Aksara swara lan aksara murda

Aksara swara[edit | edit source]

Aksara swara

Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara. Alesané amarga ing basa Sangskreta "re" lan "le" sing tinulis lan , kaanggep aksara swara. Mulané ora ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.


Aksara murda[edit | edit source]

Aksara Murda

Aksara murda ing panggunan basa Jawa saiki biasa dienggo dadi kaya déné huruf gedhé ing aksara Latin utawa dienggo nulis jeneng-jeneng sing dimulèni utawa dikurmati. Aksara murda uga diarani aksara mahaprana. Sajatiné aksara iki uniné béda karo sing lumrah, amerga mula-mulané piridan saka ing basa Sangskreta. Nanging tumraping basa Jawa dianggep pada waé pocapané, mung gunané dadi séjé.

Ing dhuwur iki bisa dideleng yèn ora kabèh aksara nduwé aksara lan pasangan. Banjur aksara sa ana loro cacah jenisé. Tulisan sa- ngrujuk ing aksara sing diarani sa kembang.

Mangga mirsani[edit | edit source]