Wb/jv/Paugeran nulis Aksara Jawa/Aksara nglegena

From Wikimedia Incubator

Aksara Jawa iku bisa diarani aksara abugida utawa alphasyllabary. Tegesé aksara Jawa iku camboran antara alfabèt lan aksara adhedhasar wanda utawa suku kata.

Ing panrapané, Aksara Jawa iku bisa dipérang dadi telung jenis: aksara nglegena utawa aksara gundhul, sandhangan serta pasangan lan pada. Aksara nglegena sing dibahas ing bab iki, iku cacahé ana 20. Aksara Jawa iku biasané diarani Hanacaraka utawa Carakan miturut limang aksara wiwitané iki.

Aksara-aksara iki kudu diwaca kaya mengkéné:

  1. hana caraka - ꦲꦤꦕꦫꦏ
  2. data sawala - ꦢꦠꦱꦮꦭ
  3. padha jayanya - ꦥꦝꦗꦪꦚ
  4. maga bathanga - ꦩꦒꦧꦛꦔ

Tegesé:

  1. Ana utusan
  2. padha garejegan
  3. padha digjayané, padha sektiné
  4. padha dadi bathang

Béda karo aksara Latin sing ditulis sadhuwuring garis, aksara Jawa ditulis sangisoring baris.

Mangga mirsani[edit | edit source]