Wb/jv/Gamelan

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Gamelan

Gamelan Jawa iku salah siji jinis utawa corak gamelan sing urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan sebagéyan Jawa Wétan. Musik gamelan Jawa iki béda karo musik gamelan saka dhaérah liya, yèn musik gamelan Jawa umumé nduwé nada luwih lembut lan nganggo témpo luwih alon, béda karo musik gamelan Bali sing témponé luwih cepet uga gamelan Sundha sing musiké mendayu-dayu lan didhominasi swara suling.

Notasi[edit | edit source]

Gamelan Jawa iku nduwé nada-nada pèntatonis, Sak prangkat gamelan kumplit iku nduwé 2 laras yaiku:

Aturan[edit | edit source]

Gamelan Jawa nduwé aturan-aturan sing wis pakem antarané ketata saka pirang-pirang puteran lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-rendheté laku sing wis pakem, uga ana watesan-watesan gongan lan mèlodiné wis diatur ing bagéyan-bagéyan sing saben bagéyan ketata saka 4 nada.

Saben piranti nduwé fungsi dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara yaiku rebab, sing nuntun sampak diarani kendhang. Arané pemain sing nabuh gamelan iku panayaga utawa nayaga, sing nembang, arané pesindhèn utawa wira-swara/swarawati.

Jinis[edit | edit source]

Uga pirsani[edit | edit source]

Pranala nJaba[edit | edit source]