Wb/jv/Gamelan/Piranti gamelan Jawa

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Gamelan
Wb > jv > Gamelan > Piranti gamelan Jawa

Piranti gamelan Jawa iku mèh kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam) antarane: wesi, kuningan, tembaga campur rejasa (nikel), utawa prunggu, utamane wilahe. Yen grobogane umum saka kayu. Bahan tambahan liya antarane pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyane. Piranti gamelan sing ora ana kandungan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.

Kelompok piranti[edit | edit source]

Piranti gamelan isa dikelompo'ake dadi 4 bageyan yaiku:

  • Gongan yaiku: kempyang, kethuk, kempul, kenong lan gong
  • Balungan yaiku: saron panerus, saron barung, demung, slenthem lan slentho
  • Panerusan yaiku: bonang, gendér, gambang, siter, celempung, suling lan rebab
  • Kendhang yaiku: kendhang lan bedhug.

Masing-masing 4 kelompuk ing dhuwur iku nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis. Seliyane iku ana maneh kelompok liya sing uga ngeto'ake swara ning dudu saka piranti, kelompok iki yaiku: gerong, sindhen, alok, senggakan lan keplok.

Jenis[edit | edit source]

Seperangkat Gamelan


 
Piranti gamelan Jawa

Gongan: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong
Balungan: Saron (Peking | Barung | Demung) | Slenthem | Slentho
Panerusan: Bonang (Barung | Panerus | Panembung) | Gender (Barung | Panerus | Panembung) | Gambang | Siter | Celempung | Suling | Rebab
Kendhang: (Gendhing | Batangan | Wayangan | Ketipung) | Bedhug
Liyane: Kecer | Kepyak | Kemanak | Keplok | Senggakan | Alok | Gèrong | Sindhèn