Wb/jv/Gamelan/Sléndro

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Gamelan
Wb > jv > Gamelan > Sléndro

‘’’Slendro’’’ (ing Gamelan Sundha disebut ‘’salendro’’) iku salah sijine laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga pelog. Ana 5 swara (‘’nada’’). Slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras slendro nduwe 5 nada neng masing-masing oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A lan masing-masing nduwe beda interval swara sing cilik.

Asal-Usul[edit | edit source]

Durung ana ahli kang bisa mestheake kapan slendro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yen ‘’slendro’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang nate kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golek sesambungane slendro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Tiongkok.

Notasi[edit | edit source]

Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggal
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem

Watak lan Pathet[edit | edit source]

Ing Bali, slendro digunaake kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dienggo bareng karo angklung kanggo acara ngobong mayit.

Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang

Pathet Nem[edit | edit source]

Umume ditulis ‘’slendro nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyane. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurunge tengah wengi.

Pathet Sanga[edit | edit source]

Umume ditulis ‘’slendro sanga’’. Ana kalane uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi.

Pathet Manyura[edit | edit source]

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasare. Tinimbang slendro liyane, pathet manyura luwih dhuwur swarane lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki dienggo ing wayah esuk, wiwitane wengi, pungkasane wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.

Delengen Uga[edit | edit source]