Wp/osi/Taman Sritanjung

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Taman Sritanjung

Taman Sritanjung iku salah siji taman kutha ring Kabupatèn Banyuwangi. Taman iki diarani miturut cerito rakyat tokoh Sritanjung hang dadi asal-usul aran kutha Banyuwangi. Taman iki ana ring tengah kutha, pinggir kuloné ana Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, loré ana Pendapa Sabha Swagata Blambangan hang dadi rumah dinas Bupati Banyuwangi, lan pinggir wètané ana Pasar Blambangan. Taman iki biasa dadi papan rekreasi warga.

Perkembangan[edit | edit source]

Bengèn jaman kolonial Walanda, Taman Sritanjung iku diarani Lapangan Tegalmasjid kerono papane hang ning ngarepan Masjid Agung Baiturrahman, ring tengahé ditanduri loro wit weringin lan pinggir-pinggiré ditanduri wit sawo[1]

Kawitan taun 2000an, mung kari siji wit weringin hang ana ring tengah taman. Taman iku sesampingan ambi Kantor Unit Kecelakaan Lalu Lintas (Laka Lantas), dadiné akèh bathang kendaraan kerana disimpen lan diamanaken ring kono. Jaman Bupati Ratna, taman direhab ngilangaken rèplika piala Adipura 1994-1995 lan nguwèni air mancur ring kolam tengah taman, taman iki pisan diwèni jalur, rambu, lan lampu lalulintas cilik-cilikan kanggo nggugah kesadaran berlalulintas laré-laré cilik hang memengan ring kono.

Taun 2012 jaman Bupati Abdullah Azwar Anas, dianakaken perombakan gedhi-gedhian ring Taman Blambangan, Taman Sritanjung, lan Pendapa Sabha Swagata, pager hang ngelilingi Taman Sritanjung dibongkar, ditambahi bangku-bangku, wit-witan podo diganti lan ditambahi kembang-kembang, Kantor Laka Lantas diganti dadi warung-warung panganan pedagang.

Rujukan[edit | edit source]

  1. Kota Banyuwangi di Jaman Regentschap