Wp/osi/Sri Tanjung
Sri Tanjung uga dikenal sebagai cerita asal-usul Banyuwangi (Basa Jawa kanggo "air yang harum") iku salah siji dongeng / cerita rakyat Budaya Using tentang setyané wong wadon kanggo lakiné. Cerita iki terkenal sakat jaman Majapahit, cerita iki uga dikenal ring sastra Jawa Pertengahan kawujud kidung utawi tembang hang dinyanyikaken, lan biasa digawakaken nang upacara ruwatan adat Jawa. Aran Sritanjung dhèwèk sering dikaitaken ambi Kembang Tanjung (Mimusops elengi), kembang kang wangi.
Asal Mulané
[edit | edit source]Sampèk saiki durung ana hang ngerti sapa kirané hang ngawiti utawa nggawè cerita iki, masiya akèh hang ngomong cerita iki asalé teka Kabupatèn Banyuwangi, naming ana hang ngomong cerita iki asalé teka jaman Kerajaan Majapait sekitar abad ke-13 Masehi kerana anane bukti arkeologi cerita Sri Tanjung berwujud relief utawa ukiran ring tembok Candi Penataran, Gapura Surawana, lan Candi Jabung.
Cerita
[edit | edit source]Diceritakaken[1], bengen wilayah pucuk Pulo Jawa dipimpin raja kang arané Prabu Sulahkromo. Prabu Sulahkromo ditulungi ambi patih kang wani, arif, lan gagah kang arané Patih Sidopekso. Patih Sidopekso iki nduwé rabi ayu, alus laku lan basané kang arané Sri Tanjung lan nggawé Prabu Sulahkromo dhemen lan kepingin ngerebut Sri Tanjung teka Sang Patih.
Makené bisa nuruti napsu kepinginé, Prabu Sulahkromo ngirim Sang Patih Sidopekso tugas soro hang mustahil dilakoni menungsa biasa. Patih Sidopekso kang sagah lan wanén berangkat ngelaksanaken tugas tanpa curiga lan prasangka paran-paran. Prabu Sulahkromo mangkat nggodha, lan ngerayu, Sri Tanjung makené gelem ninggalaken Patih Sidopekso lan dadi rabiné, naming Sri Tanjung sing gentar atiné, Sri Tanjung tetep ndungakaken rabiné, Patih Sidopekso bisa ngelakoni tugas lan balik selamet. Prabu Sulahkromo murka kerana kepinginé sing keturutan.
Nyatané Patih Sidopekso sanggup ngelakoni tugasé lan balik selamet, iyané langsung ngadhep Sang Raja, akal licik Sang Raja katon, Prabu Sulahkromo ngapusi Patih Sidopekso kadhung Sri Tanjung kerep teka nang Raja, ngerayu, lan ngelakoni laku sing patut ambi Raja.
Tanpa pikir dawa, Patih Sidopekso murka lan langsung nemoni Sri Tanjung, iyane kepangan omongan Raja lan nuduh rabiné sing setya.
Sri Tanjung kang polos lan jujur ngaku sing ana paran-paran antara iyané ambi Sang Raja, naming Patih Sidopekso wis kepangan geni cemburu, bahkan ngancem arep matèni Sri Tanjung. Sri Tanjung disèrèt nang pinggir kali kang buthek. Kanggo mbuktikaken kejujuran lan setyané Sri Tanjung sakdurungé dipatèni ambi Patih Sidopekso, rabine dhèwèk, iyané njaluk jasadé dicemplungaken kali buthek ring ngisoré, kadhung jasad lan getihé nyatané mambu wangi lang nggarai banyu buthek dadi bening, artiné Sri Tanjung jujur, suci, lan sing tau ngelakoni barang èlèk koyo hang dituduhaken. Lan sakwaliké, kadhung banyu iku tetep buthek lan mambu bacin, artiné Sri Tanjung bener-bener ngelakoni barang èlèk.
Patih Sidopekso sing bisa maning nahan, iyané langsung nyuduk kerisé nang dodo Sri Tanjung. Getih meciprat lan langsung mati, jasad Sri Tanjung langsung diceburaken nang kali lan nyatané kali iku dadi bening banyuné lan wangi ambuné. Patih Sidopekso nangis, nyesel, lan temebluk, sing sadar iyané njerit "Banyu..... ... wangi............... . Banyu wangi ... ..".
Rujukan
[edit | edit source]- ↑ Kabupaten Banyuwangi, Legenda Asal Usul Banyuwangi, https://web.archive.org/web/20190101064128/https://www.banyuwangikab.go.id/profil/sejarah-singkat.html