Wp/osi/Pantai Pulo Mèrah

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Pantai Pulo Mèrah

Pulo Mèrah iku salah sijine pesisir wisata kang ana ring Pesanggaran, Banyuwangi, Kabupatèn Banyuwangi. Pesisir iki dikenal kerana anané gumuk cilik kang lemahé werna abang ring pinggiré laut persis. Gumuk iki bisa ditekani melaku sikil pas banyu segarané asat. Ring parek kawasan iki ana Pura Hindu kang biasa dinggo masyarakat Hindu nganakaken upacara Mekiyis. Kawasan wisata iki pernah kenèng musibah tsunami taun 1990an[1].

Daya Tarik Wisata[edit | edit source]

Gumuk Pulo Mèrah[edit | edit source]

Gumuk kang dhuwuré sekitar 200an mèter iki dadi asal-usul aran Pesisir Pulo Merah, gumuk iki lemahé abang, naming sing kari katon kerana wes ketutup wit-witan ijo.

Wisata Pesisir[edit | edit source]

Pesisir Pulo Mèrah duwe dawa kira-kira 3 km, dadi cocok kanggo wisata keluarga. Naming ombak segarané kang dhuwur bahaya kanggo laré-laré cilik lan wong kang sing bisa ngelangi.

Selancar[edit | edit source]

Kerana wujud pesisiré kang wèro, ombaké kang gedhi, lan dasaré kang sing kari berkarang, Pesisir Pulo Mèrah cocok dinggo papan selancar. Sakat taun 2013, Bupati Banyuwangi Abdullah Azwar Anas nganakaken lomba selancar mancanegara kang dipiloni perwakilan teka 13 negara, lan nambah saban taun sampe saiki.

Rujukan[edit | edit source]

  1. Didik Kusbiantoro. 28 Maret 2013. "Antara News", Ke Banyuwangi Sempatkan ke Pantai Pulau Merah.