Wb/jv/Unggah-ungguhing Basa/Basa Ngoko/Ngoko Andhap

From Wikimedia Incubator

Basa Jawa tataran Ngoko Andhap iku Basa Jawa sing tembung-tembunge nganggo tembung ngoko dicampur karo tembung-tembung Basa Krama Inggil tumrap wong sing diajak wicara. Basa ngoko andhap iki biasa dianggo dening sapa wae sing wis akrab nanging isih silih ngurmati. Ngoko Andhap diperang dadi loro yakuwi;

  1. Antya basa
  2. Basa Antya

Dina iki tataran basa ngoko antya basa isih akeh dianggo, suwalike basa antya wis arang dianggo maneh.