Wb/jv/Tembang/Langgam Jawa/Walang Kèkèk

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Langgam Jawa
Wb > jv > Tembang > Langgam Jawa > Walang Kèkèk

Walang Kekek
Panembang: Waljinah Pangripta: Waljinah

Tèks[edit | edit source]

  • Walang kekek menclok ning tenggok
  • mabur maneh menclok ning pari
  • aja ngenyek, ya mas, karo wong wedok
  • yen ditinggal lunga, setengah mati
  • e... ya... ye... ya... e... ya...
  • e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...
  • Omah gendheng, ya mas, tak saponane
  • abot entheng tak lakonane
  • Walang abang menclok ning kara
  • walang biru walange putih
  • bujang maneh, ya mas, ora ngluyura
  • sing wis nduwe putu ora tau mulih
  • e... ya... ye... ya... e... ya...
  • e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...
  • Andheng-andheng ana pilingan
  • aja dipandeng, mundhak kelingan
  • Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange
  • yen dha seneng, ya mas, aja mung mandeng, golekana endi omahe
  • e... ya... ye... ya... e... ya...
  • e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...
  • Bisa nggambang, ya mas, ora bisa nyuling
  • bisa nyawang, ora bisa nyandhing
  • Walang kekek, walange kayu
  • walang kayu tiba ning lemah
  • yen kepengin, ya mas, arep melu aku
  • yen mung nrima tak kon jaga omah
  • e... ya... ye... ya... e... ya...
  • e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...
  • Walang kekek, ya mas, walange kadung
  • walang kekek, dereng rampung
  • Walang kekek menclok ning sawah
  • mabur maneh menclok wit jati
  • duwe bojo enom, ya mas, nyang ati susah
  • bojo tuwa watuke kekel, kesel mijeti
  • e... ya... ye... ya... e... ya...
  • e... ya... ye.. yae... ya... yo... ya... yo...
  • Mikul suket, ya mas, dientul-entul
  • senenge banget, ora bisa kumpul
  • Walang kekek menclok ning tampah
  • mabur mrene menclok wit pete
  • sumungkema mring Gusti Allah
  • tindaake dhawuh-dhawuhe

Sumber[edit | edit source]