Wb/jv/Tembang/Kroncong Jawa/Léla-lédhung

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Kroncong Jawa
Wb > jv > Tembang > Kroncong Jawa > Léla-lédhung

Tembang Jawa Léla-lédhung kuwi tembang Jawa kang biasa ditembangaké nganggo irama kroncong, kanggo nglipur bocah cilik kang lagi rèwèl supaya lilih utawa meneng.

Tèks[edit | edit source]

  • Tak léla. léla léla lédhung
  • Cep meneng, aja pijer nangis
  • Anakku kang ayu rupané
  • Yèn nangis ndhak ilang ayuné


  • Tak gadhang, bisa urip mulya
  • Dadia wanita utama
  • Ngluhurké asmané wong tuwa
  • Dadia pandhékaring bangsa


    • Wis cep menenga anakku
    • Kaé mbulané ndadari
    • Kaya ndhas buta nggilani
    • Lagi nggolèki cah nangis


  • Tak léla, léla léla lédhung
  • Énggal menenga ya cah ayu
  • Tak emban sléndhang bathik kawung
  • Yèn nangis mundhak gawé bingung
  • empuk empuk kok mambu eh tibak e tembelek lentung

Analisis[edit | edit source]

Tembang iki saliyané kanggo ngerih-erih anak kang lagi nangis uga mawa surasa pangalembana lan pangarep-arep supaya ing tembé mburi anaké bisa dadi wanita kang utama. Senadyan mangkono, ana uga pakulinan kang kurang prayoga, yakuwi awujud medèn-medèni bocah cilik, kaya kacetha ing ukara "kaya ndhas buta nggilani". Tradhisi Jawa jaman biyèn pancèn isih akèh kang awèh wewaler kanthi medèn-medèni kaya mangkono kuwi. Senadyan karepé becik nanging nganggo cara kang kurang prayoga. Tuladha: Surup-surup aja liwat ngisor wit ringin, mundhak kesambet.

Wacan[edit | edit source]