Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan/Saraf

From Wikimedia Incubator

Saraf

Daging iku mung bisa ngobahaké pirantining awak yèn nampa préntah. Préntah mau asalé saka ing otak, sungsum ula-ula lan pentholan saraf (ganglia); mulané otak, sungsum ula-ula lan ganglia iku diarani telenging saraf-saraf. Bisané préntah iku tekan, sing nglantaraké tali-rasa.

Tali-tali rasa iku ora mung nglantaraké karep marang daging waé, ana uga sing pagawéané kosok-bali, yaiku nundhakaké rasa menyang telenging saraf. Swara, rerupan, ganda lan sapanunggalané saka njaba ditampani déning pucuking tali-rasa (ing lumahing badan) ditundhakaké déning tali-rasa banjur dirasakaké ing otak.

Dadi tali-rasa iku ana warna loro: kapisan tali-rasa kanggo ngobahaké awak, yaiku sing nglantaraké préntah saka otak menyang daging lan kapindho tali-rasa pangrasa, yaiku sing nundhakaké rasa saka njaba menyang telenging saraf.

Otak lan sungsum ula-ula. Otak iku dadi poking tali-rasa kanggo ngobahaké awak lan tali-rasa pangrasa. Otak iku princèné mangkéné: otak gedhé, otak cilik lan banjurané sungsum ula-ula.

Banjurané sungsum ula-ula iku dadi sambungané sungsum ula-ula iku ana poking tali-rasa kanggo ngobahaké pirantining ambekan.

Ing sungsum ula-ula ana poké tali-rasa kanggo ngobahaké daging ing gembung lan anggota.

Kajaba otak lan sungsum ula-ula ana pentholan saraf (ganglia) rong larik, dumunung ing sakiwa-tengené balung ula-ula; pentholan saraf iku poké tali-rasa kanggo ngobahaké piranti ngejur pangan.