Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan/Ragangan

From Wikimedia Incubator
Jump to navigation Jump to search

Ragangan iku balung-balung pikuwating awak; gandhèngé balung-balung iku ana sing bisa obah ana sing ora. Gunané:

  1. kanggo nyangga awak; saupama tanpa balung, awak mesthi lemes lan nglimpruk
  2. kanggo gondhélaning daging
  3. kanggo ngaling-alingi piranti sing alus, kayata: otak, kebuk

Balung-balung endhas: Balung-balung endhas iku mujudaké cumplung; cumplung iku ana pérangané loro: pathak lan rai. Pathak iku wujud growongan wadhah otak; gandhèngé balung-balung sarana unton-unton. Balung-balung mau kasilah mangkéné: balung bathuk 2, balung iringan 2, balung pathak buri mawa bolongan, balung pilingan 2, balung paju mawa bolongan ing sisih ngisor.

Rai iku sing mujudaké balung wang dhuwur 2, balung wang ngisor 2, balung cethak 2, balung pipi karo plengkungané 2, lan balung irung.

Balung-balung endhas iku sing bisa obah mung balung wang ngisor. Lumrahé balung wang ngisor loro iku kraket dadi siji; mengkono uga balung wang dhuwur.

Uwang iku ana untuné.

Untu iku tumanceb ing jero utawa mung tumumpang waé ing balung uwang. Kéwan nusoni untuné tumanceb ing uwang sarana pacek, nanging bisa coplok. Bangsa manuk ora duwé untu. Ula, kodhok lan iwak untuné mung tumumpang ing balung uwang, gunané mung dienggo nggujer memangsané, ora kanggo mamah.

Kéwan nusoni untuné rupa telu: untu ngarep, siyung lan bam.

Sapi lan jaran untuné ngarep gedhé, kucing lan macan cilik, déné gajah untuné ngarep dawa, diarani gadhing.

Siyung iku lancip, akèhé mung siji sasisih. Sapi lan jaran wadon lan kéwan liyané sing mangan thethukulan ora duwé siyung. Siyung babi nyongat metu, aran gadhil. Siyung macan lan kucing dawa banget.

Bam iku pating cringih, pating penthingil, pating pendhukul utawa pating klunthung. Kéwan sing mangsa gegremetan kayata: clurut la lawa, bamé pating cringih; sing mangsa daging, upama kucing, bamé pating panthingil; sing mangsa samubarang, upama: cèlèng, kethèk, bamé pating pendhukul; sing mangan suket, upama: sapi, bamé pating klunthung.

Balung-balung gembung[edit]

Balung ula-ula iku ana gegelané pirang-pirang; ing sela-selané ana gelangan balung nom. Awit saka iku balung ula-ula mau bisa mlengkung lan mendat.

Saben gegelan ana bolongané; bolongan-bolongan mau kabèh mujudaké brumbungan isi sungsum ula-ula. Brumbungan ula-ula gandhèng karo bolonganing balung pathak buri. Gegelan mau ana ringih-ringihé sawetara lan ing kiwa tengen ana panggonan athik-athikan, tancebing iga.

Balung ula-ula mau princèné mangkéné: gegelan gulu, gegelan geger, gegelan bangkékan, gegelan boyok lan gegelan buntut. Kèhé gegelan balung ula-ula mau tumrap siji-sijining kéwan ora padha; ula ana sing nganti 400; kethèk 33.

Sawenèhing kéwan gegelaning balungé ula-ula ana sing gandhèng dadi siji, tumrap manuk sing gandhèng gegelaning bangkékan lan boyok; tumrap kethèk gegelaning boyok lima pisan.

Gegelan geger katanceban ing iga; iga iku wanguné gèpèng dawa, mlengkung, nggandhèng balung ula-ula karo balung dhadha (balung tangkar). Iga wekas nyongat ora tekan ing balung dhadha. Iga-iga iku nganakaké aling-alingé growongan dhadha, bisa melar mingkus. (Yèn wong ambekan rak ketara ta melar mingkusing dhadha). Ing sajroning growongan dhadha ana: jantung lan kebuk. Manuk igané gegandhèngan sarana balung cilik, iku agawé kuwating dhadha. Ula igané akèh banget; nanging tanpa balung dhadha; iga iku kanggo nelosor. Jaran igané 18 pasang, sapi 13 pasang.

Balung-balung anggota[edit]

Anggota ngarep gandhèngé karo gembung sarana balung walikat lan balung salang, anggota mburi sarana balung cethik. Ing walikat ana legokané athik-athikan sing trep karo bendholé balung bau. Balung salang nggandhèng balung walikat karo balung dhadha.

Balung-balung anggota ngarep: balung bau 1, balung lengen 2, balung ugel-ugel sawetara, balung èpèk-èpèk sawetara lan balung driji sawetara.

Kéwan sing ora duwé anggota, upama: ula, mesthi waé ora duwé balung walikat lan balung salang. Kéwan sing anggotané ngarep ringkih, kayata: iwak, iku balungé walikat lan balungé salang iya ringkih. Kéwan sing sikilé ngarep mung bisa obah maju mundur kayata: sapi an jaran, iku ora duwé balung salang.

Driji iku lumrahé ana balungé 3, jempol mung 2.

Akèhé driji iku tumrap siji-sijining bangsa kéwan ora padha, kethèk drijiné 5, babi 4, sapi 2, jaran 1, manuk 3.

Akèhé balung èpèk-èpèk utawa dlamakan padha karo akèhé driji, mulané sapi iku balungé dlamakan iya mung loro.

Balungé cethik santosa, kanggo ngaling-alingi jeroan ing weteng. Balung boyok kraket karo balung cethik karo pisan. Ing balung cethik ana legokan sing trep karo bendholé balung pupu.

Ing anggota buri ana balung pupu, balung kémpol lan balung gares, balung ugel-ugel sawetara, balung dlamakan sawetara lan balung driji sawetara.

Ula ora duwé anggota, mulané iya tanpa cethik; iwak iku balungé cethik ringkih, anggotané buri adhapur kèpèt weteng, ora kena kanggo ngajokaké awaké. (Hla, kepriyé nggoné ngajokaké awaké?)

Déné manuk balungé ugel-ugel sikil karo balung dlamakan dadi siji, trapé ngadeg.

Gandhènging balung[edit]

Balung-balung iku padha gandhèng-gandhèngan; gandhèngané ana sing bisa obah, ana sing ora. Sing bisa obah ana athik-athikané, kayata: balung-balung anggota, iga karo gegelan geger lan liya-liyané. Ing athik-athikan balung sing siji legok, sijiné mbendhol, legokan iku trep karo bendholan mau.

Balung iku ing athik-athikan kablebed ing balung enom, tansah mlenga. Sakabèhing balung iku kableled kraket ing kendhangan balung; kendhangan iku iya mblebed athik-athikan.

Balung mau ora bisa obah dhéwé, obahé sarana diobahahé ing daging.