Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan/Ambekan

From Wikimedia Incubator

Ambekan

Ambekan iku satemené nyedhot oksigèn karo ngetokaké dat asem arang lan banyu.

Pirantining ambekan: kebuk, angsang utawa kulit.

Kebuk iku ana ing sajroning dhadha, Yèn dhadha melar, hawa mlebu; yèn dhadha mringkus, hawa metu saka ing kebuk.

Hawa sing mlebu iku akèh oksigèné; déné hawa sing metu akèh dat asem arangé.

Lebuné hawa mau ngliwati irung lan gurung. Ana ing dhadha gurung iku cawang-cawang dadi pirang-pirang èwu; ing pucuking pang sing lembut-lembut ana plembungané. Ing kuliting plembungan sisih njaba ana ototé getih lembut-lembut, ing kon pamnggona lironé hawa. Oksigèn saka plembungan kebuk ngrembes menyang kuliting plembungan lan kuliting otot getih lembut-lembut, banjur amor karo getih. Déné dat asem arang lab banyu ngrembes menyang kulité otot-otot getih lembut-lembut lan kulité plembungan anjog ing sajroning plembungan, banjur metu bareng karo wiwitan ambekan.

Klumpuké cawanganing gurung sing lembut-lembut karo otot getih lembut-lembut tumrap kéwan nusoni kaaranan kebuk, tumrap manuk maras.

Dat asem arang sing metu saka ing awak karo oksigèn sing mlebu, abot dat asem arengé. Dadi jalaran saka ambekan, awak mesthi suda boboté. Conto liya: endhog sing wis diengremi iku suda boboté. Endhog sing durung diengremi yèn direndhem ing banyu kelem, sing wis diengremi ya kumambang.

Iwak iku ambekan sarana angsang; angsang iku kanggo nyerot oksigèn ing sajroning banyu.

Bangsa kodhok bisa ambekan sarana kulit.