Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Tembung rangkep

From Wikimedia Incubator

Tembung rangkep iku yèn ing basa Indonesia disebut kata ulang. Tembung rangkep bisa nduwé arti bangetaké, cacahé sing akèh, utawa pancèn tembungé kaya ngono. Tembung rangkep iki uga disebut "dwilingga".

Dwilingga padha swara[edit | edit source]

Kaya déné arané, dwilingga padha swara iku tembung loro kang padha waé panyebutané. dwilingga iki umumé digunaaké kanggo kahanan kang magepokan klawan cacahé sing akéh.

Upamané:

  • dolan-dolan = dolan tenan
  • abang-abang = akèh sing wernané abang
  • watu-watu = watu akèh

Dwilingga salin swara[edit | edit source]

Dwilingga iki migunaaké pangucapan kang rada beda, utamané ing babagan swara (vokal).

Upamané:

  • bola-bali = mlaku wira-wiri utawa nglakoaké sawijining tumindak kang padha ping akèh. tembung bola iku mung digawé seka tembung bali (mulih) kanthi diowahi aksara swara a dadi o.
  • wolak-walik = nuduhaké kahanan sisi kang béda, upamané tengen lan kiwa.
  • bosah-basèh = kahanan kang ora karuwan lan ora tumata kanthi becik.

Dwilingga semu[edit | edit source]

Dwilingga semu iku katoné kaya tembung lingga loro sing dibalèni nanging sejatiné mung satembung thok. Dadi, tembung iki asliné ora seka rong tembung didadèaké siji. Upamané:

  • ali-ali = ora seka tembung ali, nanging pancèn tembung linggané ali-ali.
  • igel-igel = pancèn ana tembung igel sing bisa dipasaké marang igel-igel iki, ananging tembung igel-igel iku tembung lingga kaya déné ula-ula.