Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Tegal

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv‎ | Kawruh Basa Jawa‎ | Dhialèk
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Dhialèk > Dhialèk Tegal

Dhialek Tegal iku dhialek Basa Jawa sing dituturake ing tlatah Tegal, Brebes, Pemalang. Pangucap tembung lan ukara kanthi medhok. ateges pangucaping tembung lan ukara2 kanthi anteb ing swara konsonan. kaucap kanthi huruf konsonan rangkep.

Tuladha : Tembung "Niki mawon" dados "Iki bae lah". tembung "bae" kaucap "Bbhae'.." dialek-dialek basa Tegal benten kaliyan dialek Banyumasan lan Purwokerto. Basa Pekalongan uga kaucap datar. Ing pangucapanipun, katiga basa punika sami, nanging wonten tembung-tembung ingkang benten.Tiyang Tegal kathah migunakaken tembung "Enyong","Bae","nDean", "lah" "thok","ko" lan sapanunggalanipun.

Tembung "Kula boten ngertos" dados " Enyong ora ngarti". tembung "Mlebet datheng pundi?" dados "Manjing endi?". tembung "Kula boten lho" dados "Nyong ora ko".

dialek-dialek basa Tegal kathah diagem ing tlatah Tegal, Brebes, Losari, lan ing tlatah pesisir lor tanah Jawa.