Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora/Mak jegagik

From Wikimedia Incubator

Kulawarga Paimin ancèné ya sukses tenan. Lha piyé lèh thik ora, wong usahané jan muajuné puol. Anak-anaké wis énjoh mlebu nèng sekolah favorit. Malahan sing mbarep Mariyun karo adhiné Maridjan saiki wis ketampa nèng SMAN 1. Rudjuné sing jenengé Wartini ya wis sekolah nèng SD Tambahredjo, ora patèk adoh ka omahé Kaliwangan. Wong ancèn pinter dagang, usahané Paimin saya suwé sangsaya maju aé. Ora mok dagang klonthong karo bukak toko emas thok, nanging saikiné malah njajal nggawèk perusahaan penggergajian, mèbel lan kerajinan kayu barang. Lha piyé lèh, wong ancèné mBlora iku kaèt mbengèn mula ya wis kondhang daérah penghasil kayu jati sing kualitasé nomer siji. Malahan nalika mbangun Taman Mini Indonesia Indah dhèk jaman semana, bahan saka guruné ya kayu jati sing umuré wis atusan taun asal saka alas Randublatung, Blora.

Sing wédok, Suminem, saikiné wis ora nunggoni toko manèh. Toko klonthongé sing nèng Kaliwangan wis nduwé pegawé telu, kasir siji karo buroh loro. Pendhak sasi saiki Suminem kulakan batik nèng Solo karo Yogya terus didol nèng pasar mBlora. Najan larangé ora jamak, dagangan batiké Suminem nyatané paling laris sak pasar mBlora, wong barangé ancèn asli tur ya uapik-apik tenan. Sak renané motif ana kabèh, motif truntum, sidomukti, gringsing, parang klitik, parang garuda, kawung, pokoké jan komplit tenan persediaané, tur kabèh batik tulis tangan ora ana sing cap-capan. Wong dhuwiké ancèn akèh, mèh angger sasi Suminem ya mesthi merlokké nglèncèr, lungo nèng Semarang ngiras blanja buah-buahan sing disenengi kaya jeruk keprok, apel, anggur lan sapinunggalané, Cekaké, uripé Paimin lan Suminem wis kétung mapan. Sandang pangan kecukupan, kadhang-kadhang ijèk kober piknik sekeluarga tekan Gunung Bromo, malahan tau mblasak-mblasak tekan mBali barang.

Sing rodok mutawatiri iku jan-jané malah perkembangané anak-anaké. Lha piyé wong ancèn anaké wong sugèh, biasané terus dadi kesèd sinau lan senengané kluyuran. Kancané anaké ancèné ya mberuh tenan, nanging akèh-akèhé mok seneng grudhak-grudhuk thok. Apa enèh Mariyun. Wis sugèh thik wanthèn sisan, dadi ya ora gumun nèk nduwé “anak buah” akèh. Nèng sekolahan, Mariyun, sing awaké longgor, sering dipatah dadi ketua kelas lan pemimpin upacara gendéra angger dina Senèn. Merga biasa ditunjuk dadi pemimpin iku mau suwé suwé Mariyun dadi siswa idola-né murid-murid sak SMAN Blora. Apa enèh bareng munggah klas loro lan ditunjuk dadi pejabat OSIS, waah karismané Mariyun tambah moncèr, nèk cara saiki menawa ya padha karo dadi selebritis ngono kaé lho.

Dasar anak kepoma, Mariyun ngono ancèn duwé hobi akèh, salah sijiné yaiku dadi anggota “kelompok pecinta alam” sing gawéné nlasak-nlasak alas karo munggah medhun gunung kaé. Angger Setu Minggu mesti karo kanca-kancané kluyuran nèng alas Cabak-Pasarsore-Sambong-Temengeng-Nglobo-Kawengan, utawa kèmping nèng alas Medang-Kajar-Sayuran-Mantingan. Sasat alas jati nèng tlatah sekitar Blora-Cepu wis tau didlajahi kabèh ora ana sing kliwatan blas. Bareng wis kulina blusak blusuk lan ngrasakna nikmaté ndelajah alas, suwé-suwé Mariyun malèh kepingin dadi insinyur kehutanan, karepé ngono ya kepengin arep mèlok-mèlok nglestarèkaké alam. Apa enèh saben blusukan nèng alas mesthi kepethuk wit jati sing dha mosah masèh merga dibabati blandhong kayu. Atiné krasa miris ndelok kahanan alasé sing saya suwé saya rusak iku maeng. Daya-daya kepéngin ndang dadi pejabat kehutanan, sokur-sokur nèk isa dadi Menteriné, anggiké ngono bèn isa tumandang, cancut tali wanda, ndandani alas mBlora sing wis ajur mumur kari sak walang-walang. Ning ya iku mau, mboh merga ning klasé “Dua Pal” sing muridé mik sepuloh tur ora ana wédoké, mboh ijèk kelingan gelané ati nalika ora kasil ngepèk “idola”né dhik jaman SMP, Nastiti, saikiné Mariyun rodok ngadohi murid-murid wédok. Angger ana murid wédok sing arep nyedhaki Mariyun mesthi dhéknèné ndang gagé ngadoh. Nalika nèng sekolahan ana acara perploncoan murid anyar, Mariyun sing klebu pejabat OSIS ya mesthi aé dadi inceran plonco plonci sing dha pating tlèsèh ndéprok sendépoh ning ngarepé, ngrepa-ngrepa njaluk tanda tangané sang pejabat OSIS. Nanging Mariyun tetep ora klenggut. Karo masang ulat kereng, Mariyun nggetaki plonco-plonci sing dha ngrubungi dhéknèné : “Enak saja minta tanda tangan.., itu batu bata angkatin kesini dulu..!!”. Mangka tumpukan bata sing arep dinggo renovasi sekolah mau kira-kira ya gak kurang ana nèk rong kibik. Ya terang aé nèk plonci sing gembèng dha nggenjongi bata maeng ambèk prembik-prembik nangis kamisesegen.

Ana enèh hobiné Mariyun sing jané mok dinggo gagah-gagahan, yaiku main gitar. Kanca-kancané sing dha duwé hobi main musik kaya Bambang “Bimo”, Biantoro “Bagong”, Idrus “Brintik”, karo Sukri “Petruk” dijak ngedekno grup bèn. Karepé bèn rodok nggaya, grup bèné dijengakna “Mimosa”, sing sak tléraman ancèn mèmper cara Latin, nanging jan-jané ngono jeneng iku maeng cekakan saka “miturut momongan sarana apik”. Pendhak soré latihan nèng nggoné Bambang sing omahé nèng ngarep Kantor Pulisi. Nèk wis dha main bèn ngono iku ya wis mesthi aé terus lali sinau lèh. Nanging bèn-a arang sinau, merga dasaré ancèn pinter, Mariyun ijèk isa aé éntuk rènking nèng kelasé, senajan mok rèngking loro utawa telu. Bareng wis rodok kompak mainé, bèn bentukané Mariyun mulai ngrékrut vokalis. Sing dha ndaftar dadi vokalis ya lumayan akeh, klebu Yanti karo Endang cah Tèmpèlan sing kaèt ndhik jaman SMP bengèn mulo senengané ancèn ya dha nyanyi. Blas kethiplas ora ngira, nèk ndilalah mak jegagig, salah sijiné calon sing mèlok ndaftar iku ora liya si Nastiti sing saikiné wis ora sekelas enèh karo Mariyun merga dhèké klebu jurusan Ilmu Pasti. Kawitané Nastiti ya rodok kikuk nèk arepané ketemu Mariyun, menawa ya isèk éling jamané SMP bengèn nalika Mariyun njothak dhéknèné merga cemburu karo pak Guritno. Nanging suwéning-suwé rasa kikuké mau kalah karo semangat lan hobiné nyanyi. Malah jaré Nastiti, saya suwé Mariyun nèk disawang-sawang kok kétok rodok gagah lan saya déwasa, apa enèh nèk lagèk mimpin upacara Senèn. Semono uga Mariyun. Najan mauné ya srodok nggregel, ning dasar atiné ijèk nyimpen rasa trisna sing kependhem, suwé-suwé Mariyun ya dadi raket enèh karo Nastiti. Nanging sing jenengé Nastiti iku rak ancèn jan ayu tenan. Lha généya lèh thik ora, wong jenengé aé cah ayu, ya nèng endi-endi mesthi dadi royokan. Bambang “Bimo” karo Sukri “Petruk” tibak-é meneng-meneng ya mèlok-mèlok ngesir Nastiti barang. Ning Mariyun wis manteb arep “mempertahankan” Nastiti, nèk perlu kanthi tètèsing ludira, merga ketoké saiki Nastiti wis mènèhi “lampu ijo”. Bathiné, aja enèh mok Bambang “Bimo” karo Sukri “Petruk”, pak Guritno sisan nèk ijèk mèlok-mèlok amul arep ditantang gelut. Nastiti dhéwé atiné saiki wis saya manteb sebab ndelok gedhéné tékad-é Mariyun iku mau. Mulané bareng saiki wis saya cèreg karo Nastiti, Mariyun malèh dadi cah anteng, ora briga-brigi enèh. nDonya rasané dadi kétok padhang njingglang, sakwernané panganan dadi krasa seger merga ati sing “berbunga-bunga” iku maeng. Apa enèh nèk lagèk main gitar ngiringi Nastiti latihan nyanyi, kaya-kaya syair laguné tumuju marang awaké déwé. “It’s now or never…. Come hold me tight.. kiss me my darling, be mine tonight.. tomorrow will be too late.. it’s now or never, my love won’t wait. When I first saw you, with your smile so tender.. my heart was captured, my soul surrendered. I’ve spent a life time, waiting for the right time, now that you’re near, the time is here, at last..”

Kamus cekak[edit | edit source]

Ambèk=sambil/dengan Amul=ikut-ikutan Arepané=arepé=arep=akan Bèn-a=biarpun Bengèn=biyèn=dulu Blandhong=pencuri kayu Blas kethiplas=sama sekali Buroh=batur=pelayan Cèreg=èreg=ciruk=dekat Dhéknèné=ndhé-é=dia Dijengakna=dijenakna=dinamakan Dinggo=di enggo=dipakai Enèh=menèh=manèh=lagi Énjoh = isa = bisa Généya=kenapa Ijèk=ijik=masih Kaèt=kèt=kawit=sejak Kepoma=diugung=dimanja Kereng=galak Klenggut=tergoda Lagèk=lagi=sedang Maeng=mau=tadi Mak jegagik=tiba-tiba ketemu Mberuh=mberoh=banyak Mboh=emboh=embuh=entah Mèlok=mèlu=ikut Mok = mik=mèk-an=hanya Muaju=maju Ndang gagé=ndang gagénan=cepat-cepat Ndelok=melihat Ndeprok=sendépoh=duduk dilantai Ndhik=nèng=di/pada Nggenjong=ngengkat=mengangkat Ora patèk=ora pati=ora patiya=tidak begitu Prembik-prembik= Kamisesegen= menangis tertahan Rodok=rada=agak Sepuloh=sepuluh Srodok=rodok=rada=agak Sugèh=sugih=kaya Wanthèn=kendel=pemberani

Deleng uga[edit | edit source]