Wb/jv/Dolanan/Dolanan tanpa tembang/Dhakon

From Wikimedia Incubator

Prakata[edit | edit source]

Dhakon kuwi dolanan sing nganggo piranti kayu dilegoki pitung legokan, rong larik, terus pucuk kiwa tengen ana legokan gedhé (lumbung) loro. Sak liyané kuwi, butuh kecik cacahé 7 x 7 x 2 = 98.

Tata Cara[edit | edit source]

  1. Legokan cilik diisi kecik pitu-pitu
  2. Giliran sing mlaku dhisik diundhi nganggo sut
  3. Carané mlaku, sing olèh giliran milih salah siji legokan sisih ngarepé, kecik sing ning kono dijupuk, terus ditibakké siji-siji ning legokan wiwit sisih tengené. Sak terusé legokan tengen diisi, ugo lumbung sisih tengen. Yèn keciké isih turah, diteruské muter ning legokan musuhé.
  4. Yèn kecik paling pungkasan entèké pas ning lumbung, giliran diteruské nganggo cara ing ndhuwur.
  5. Yèn kecik paling pungkasan entèké pas ning legokan sing kothong, giliran mandheg, ganti musuhé.
  6. Yèn legokan sabrangé ana isiné, kabèh dipindhah ning lumbungé dhéwé.

Delengen uga[edit | edit source]