Wn/jv/Buku digital diterapaké ing taun ajaran 2008/2009

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv

Jemuah, 27 Juni 2008

Mentri Pendidikan Nasional Bambang Sudibyo nelakaké, wiwit taun ajaran anyar 2008 iki sekolah negri lan swasta ing Indonésia bisa manfaataké buku pakèt digital kanggo prosès piwulangan. Buku digital iku bisa diaksès liwat internet uga liwat compact disc utawa CD sing dibagèkaké déning Départemèn Pendidikan Nasional marang para kepala dinas pendidikan kabupatèn lan kutha.

”Buku digital iki arupa salah siji upaya panyediyaan buku murah ing Indonésia,” pituturé Bambang, Kemis (26/6) ing Malang.

”Kanggo dhaerah sing angèl ngaksès internèt, bisa nggandhakaké saka CD banjur di-print lan dicithak ing pacithakan,” ujaré Mendiknas.

Kepala Dinas Pendidikan Kutha Malang Shofwan nelakaké wis nampa 49 keping CD utawa buku digital saka Depdiknas lan samengkoné bakal disebaraké ing sekolah-sekolah.

”Buku iki kanggo nyepetaké mutu pendidikan. Nanging, tetep mbutuhaké buku-buku liya kanggo pangayaan pendidikan,” ujaré.

Ing Minahasa, Wakil Kepala Dinas Pendidikan Nasional Sulut Arnold Poli nelakaké, program buku digital perlu didhukung prangkat komputer ing sekolah. Kanggo sekolah-sekolah ing kutha-kutha, rélatif ora ana masalah, nanging sekolah ing désa-désa mbutuhaké pananganan dhéwé, klebu nyiapaké guruné.

Pawarta kagandhèng[edit | edit source]

Sumber[edit | edit source]