Wn/jv/Panyebaran buku murah

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Panyebaran buku murah

Slasa, 24 Juni 2008

Pamaréntah dhaèrah diprayogakaké nyebaraké lan migunaaké buku pelajaran digital. Pamaréntah dhaèrah bisa nggandhakaké buku sing wis dituku hak ciptané iku kanthi ngundhuh ing https://web.archive.org/web/20131230134135/http://www.bse.depdiknas.go.id/, www.depdiknas.go.id, www.pusbuk.or.id, lan www.sibi.or.id.

Menteri Pendidikan Nasional Bambang Sudibyo nelakaké babagan iki sajroning sosialisasi kabijakan pabukuan nasional marang watara 500 pejabat dinas pendidikan provinsi lan kabupatèn/kutha sa-Indonésia ing Jakarta, Senèn (23/6).

Miturut mentri, 49 judhul buku sing bisa diundhuh ing internet iku hak ciptané wis dituku pamaréntah. Mula, masarakat éntuk ngundhuh lan nggandhakaké sacara gratis nanging ora kanggo kapentingan komersial. Éwadéné panerbit utawa pihak liya sing kepéngin masaraké, regané kudu padha karo rega ècèran paling dhuwur sing ditemtokaké pamaréntah.

Sumber[edit | edit source]