Wp/osi/Taman Nasional Baluran

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Taman Nasional Baluran

Taman Nasional Baluran iku salah siji Taman Nasional ring Indonesia kang ana ring wilayah Banyuputih, Kabupatèn Situbondo, Jawa Wètan. Aran taman nasional iki dijuwut teka salah siji gunung kang ana ring jero wilayah iki yaiku Gunung Baluran. Taman nasional iki ketata teka tipe végétasi sabana, alas mangrové, alas musim, alas pantai, alas pegunungan ngisor, alas rawa, lan alas kang mesti ijo saban taun. Tipe végétasi sabana kang paling gedhé ring taman nasional yaiku sekitar 40 persen teka total luas lahan yaiku 25.000 ha[1].

Sejarah[edit | edit source]

Taun 1937, Gubernur Jènderal Hindia Belanda netepaken Baluran dadi Suaka Margasatwa (GB. No. 9 tanggal 25 September 1937 Stbl. 1937 No. 544).

Masa pasca kemerdekaan yaiku taun 1962, Baluran ditetepaken maning dadi Suaka Margasatwa ambi Menteri Pertanian dan Agraria Republik Indonesia (SK/II/1962 tanggal 11 Mei 1962).

Lan tanggal 6 Maret 1980 pas dina Strategi Pelestarian se-Dunia, Suaka Margasatwa Baluran diubah dadi Taman Nasional Baluran[2].

Végétasi[edit | edit source]

Taman nasional iki duwé sekitar 444 jenis tumbuhan lan sawetarané ana kang dadi tumbuhan khas kang bisa beradaptasi ring kondisi kang garing seru, yaiku antarane:

  • Widoro bukol(Ziziphus rotundifolia)
  • Mimba (Azadirachta indica)
  • Pilang (Acacia leucophloea)

Tumbuhan liyané yaiku:

  • Asam jawa (Tamarindus indica)
  • Gadung (Dioscorea hispida)
  • Kemiri (Aleurites moluccana)
  • Gebang (Corypha utan)
  • Api-api (Avicennia sp.)
  • Kendal (Cordia obliqua)
  • Salam (Syzygium polyanthum)
  • Kepuh (Sterculia foetida)

Kéwan[edit | edit source]

Ring Taman Nasional Baluran iki, ana 26 jenis mamalia, diantarané yaiku:

  • Bantèng (Bos javanicus javanicus)
  • Kebo liar (Bubalus bubalis)
  • Ajag (Cuon alpinus javanicus)
  • Kijang (Muntiacus muntjak muntjak)
  • Rusa (Cervus timorensis russa)
  • Macan tutul (Panthera pardus melas)
  • Kancil (Tragulus javanicus pelandoc)
  • Kucing bakau (Prionailurus viverrinus)

Bantèng iku dadi maskot/ciri khas kang ana ring Taman Nasional Baluran.

Sakliyané iku, ana sekitar 155 jenis manuk, lan sawetarané ana kang termasuk manuk langka, kaya:

  • Layang-layang geni (Hirundo rustica)
  • Tuwuk asia (Eudynamys scolopacea)
  • Merak (Pavo muticus)
  • Pithik alas abang (Gallus gallus)
  • Kangkareng (Anthracoceros convecus)
  • Rangkong (Buceros rhinoceros)
  • Bangau tong-tong (Leptoptilos javanicus)


Rujukan[edit | edit source]

  1. SK. Menteri Kehutanan No. 279/Kpts.-VI/1997 tanggal 23 Mei 1997
  2. https://web.archive.org/web/20110420060622/http://balurannationalpark.web.id/sejarah-letak-dan-luas-kawasan/