Wp/osi/Surabaya





Surabaya iku salah sijiné kutha hang ana ring Propinsi Jawa Wétan, Indonésia.[1]
Kutha Surabaya dikenal dadi kutha Pahlawan ring Indonesia kerana perane ring ngerebut kemerdekaan ring tanggal 10 November taun 1945.[2]
Surabaya dadi ibu kota Provinsi Jawa Timur. Panggonane ring pinggir pesisir elor Jawa Timur lan sebelahan langsung ambi Sidoarjo, Gresik, lan Selat Madura.
Kutha iki dikenal nduweni hawa hang panas kerana panggonane pas ring dataran rendah. Masiya gedigu, sakat bengen sampek saiki, Surabaya dadi pusat bisnis, perdagangan, industri, lan pendidikan.[2]
Sejarae Surabaya
[edit | edit source]Cerita Sejarah Kutha Surabaya mula parek ambi nilai kepahlawanan. Sakat mula ngadege, kutha iki nduwe sejarah dawa hang ana hubungane ambi kepahlawanan. Istilah Surabaya teka unek sura hang artine wanen, lan baya hang artine rawas, hang sak teruse secara harfiah diartikaken wanen ngadepi rawas hang teka. Nilai kepahlawanan iku salah sijine mujudaken ring kedadiyan perang antarane Raden Wijaya lan Pasukan Mongol pimpinan Kubilai Khan ring taun 1293. Saking bersejarahe perang iku, sampek didadekaken tanggal iku dadi tanggal laire Ketha Surabaya sampek saiki, yaiku 31 Mei.[3]
Heroisme masyarakat Surabaya paling kegambar ring perang 10 Nopember 1945. Arek-arek Suroboyo, sebutan dienggo uwong Surabaya, ambi gawa gaman jajang lincip wanen ngelawan sekutu hang duwe persenjataan canggih. Puluhan ewon warga mati mbela tanah air. Kedadiyan heroik iki terus didadekaken dina ngengeti Hari Pahlawan. Saingga gawe Surabaya diarani dadi Kutha Pahlawan.[3]
Sejarah Surabaya uga dikaitaken ambi aktivitas perdagangan. Secara geografis Surabaya mula didadekaken kutha dagang lan pelabuhan. Surabaya dadi pelabuhan gerbang utama Kerajaan Majapahit. Papane ring pesisir elor Pulau Jawa, ndadekakenberkembang dadi pelabuhan penting ring zaman Majapahit abad ping 14.[3]
Lanjut ring jaman kolonial Landa, papan geografise hang seru setrategis, gawe pemerintah Kolonial Landa ring abad ping 19, ndadekaken posisine dadi pelabuhan utama hang duwe berperan dadi collecting centers teka ngumpulaken asile kebonan ring bucu wetan Pulau Jawa, hang ana ring daerah pedalaman kanggo diekspor nong Eropa.[3]
Njuwut Teka
[edit | edit source]- ↑ BPS Kota Surabaya. "Kota Surabaya dalam Angka 2023". Surabaya.
- 1 2 Muhammad Alfathir.Sejarah Kota Surabaya, Dari Masa Kerajaan hingga Kemerdekaandijuwut 8 Oktober 2026
- 1 2 3 4 Pemerintah Kota Surabaya.dijuwut 8 Oktober 2026