Wp/osi/Sultan Hasanuddin

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Sultan Hasanuddin
Patung lilin Sultan Hasanuddin ring The Legend Star Kota Batu, Jawa Wétan

Sultan Hasanuddin yaiku Sultan Gowa ke-16 lan pahlawan nasional Indonésia. Aran lairé yaiku Muhammad Bakir I Mallombasi Daeng Mattawang Karaeng Bonto Mangape. Sak marèké iyané munggah dadi raja digelari Sultan Hasanuddin, lan sak marèké iyané ninggal dunyo iyané digelari Tumenanga Ri Balla Pangkana. Lagotané kendel lan waniné nerak penjajahan Londo, iyané dijuluki De Haantjes van Het Osten oleh Belanda hang tegesé Pitik Jago Teko Wètan.

Kelairan[edit | edit source]

Sultan Hasanuddin lair ing Keraton Gowa, tanggal 12 Januari 1631. Iyané iku putra teka Raja Gowa ke-15, yaiku I Manuntungi Muhammad Said Daeng Mattola, Karaeng Lakiung Sultan Malikussaid Tumenanga ri Papang Batunna. Emaké yaiku I Sabbe Lokmo Daeng Takontu.

Cerita Uripé[edit | edit source]

Sultan Hasanuddin merèh Keraton Gowa rikala Londo banget-bangeté ngangkangi jalur dagang ragi-ragi. Keraton Gowa iku keraton hang paling gedhi lan nguasai jalur dagang ring wilayah Wètan Indonésia. Taun 1966, Londo hang dipimpin Cornèlis Speelman usaha nguasai keraton-keraton cilik taping durung bisa nguasai Keraton Gowa. Perang nggenteng sampé Keraton Gowa dadi sèkèng ngadepi Londo. Pungkasé, ring tanggal 18 Nopèmber 1667, Keraton Gowa gelem nganakaken perjanjian dhamé hang diarani Perjanjian Bongaya.

Lagotené ngerasa rugi kerana Perjanjian Bongaya iku, Sultan Hasanuddin ngumbal perang maning ngelawan Londo. Londo hang kesel lan lisuh ngadepi perlawanan teka Sultan Hasanuddin, akhiré njaluk tulung kiriman pasukan teka Batavia. Akibaté, pasukan gabungan Londo hang dipimpin Speelman lan tulungan teka Batavia bisa nerobos bèntèng Keraton Gowa hang paling kayah yaiku Somba Opu ring tanggal 12 Juni 1669.

Sultan Hasanuddin aju mundur lan ninggal dunyo tanggal 12 Juni 1670.