Wp/osi/Suku Mentawai

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Suku Mentawai
Gawé tato, salah siji wujud kabudayan Suku Mentawai.

Suku Mentawai ana ring Kepuloan Mentawai, isiné teko Pulo Siberut, Pulo Sipora, Pulo Pagai Lor lan Pulo Pagai Kidul. Cara administratip kepuloan iki yaiku rampadan teka propinsi Sumatera Kulon. Akèhé uwong ring tahun 1853 yaiku ana 7.090, jaré sènsus tahun 1830 ana 9.268 nyawa. Sak liyané iku jaré sènsus tahun 1980 akèhé uwong yaiku 18.554 nyowo, lan kira-kira 15% yaiku suku bangsa hang kari tekané, yaiku uwong Suku Batak, Suku Jawa lan Suku Minangkabau, lan sithik wong hang putih kulité.

Basa Mentawai yaiku rampadan teka rumpun Basa Austronesia hang didum ring piro-piro dialek, kaya dialek Simalegi, Sekudai, Sikalagan, Silabu, Taikaku, Saumanganya lan liyanliyané.

Sakdurungé melebu pengaruh kebudhayan jaba, ring separuh abad bengèn masyarakat Mentawai magih urip ring tarap peradaban neolitik. Pegaweané teka meramu sagu sampé mburu ring alas. Perabot hang dienggo yaiku perkul lan beliung digawé teka watu, iku baen oleh teka wong dodolan hang mampir tuku asilé alas. Marèké wong hang teko tambah akèh, buru wong-wong Mentawai mau bisa oléh perabot teko wesi. Kelambine biyasah, lanang nganggo kambi (cawat teko kulit kayu) lan wadon nganggo kaya rok teka teruntum seraté wit gedhang. Tapi wong Mentawai mau wis suwi ngembangaken kelambi cacah tubuh (tatto) hang lengkap. Tapi saiki ciri-ciriné urip hang wis diceritani mau mèh ilang.

Panganan utama wong Mentawai yaiku sagu, keladi lan saiki beras, nganggo iwak , macem-macem manuk lan celeng hang nggolèt teka alas. Kanggo urip sabendinane kaya kelambi, bahan bakar, bako, perkakas wesi, bahan bangunan, beras uyah lan keperluan sabendinané umumé dianakaken ambi pedagang jaba teka Kutha Padang. Barang keperluan mau iku diuperi ambi asil alas koyo rotan, manau, kayu, cengkeh, kopra lan liyan-liyané.

Masyarakat iki aseliné urip ring kesatuan sosial ekonomi hang sederhana. Didasari teka padané derajat[1].

Referensi[edit | edit source]

  1. Hidayah, Zulyani. Ensiklopedia suku bangsa di Indonesia. Jakarta. ISBN 9789794619292.