Jump to content

Wp/osi/Sega témpong

From Wikimedia Incubator
< Wp | osi
Wp > osi > Sega témpong

Sega témpong iku panganan teka Kabupatèn Banyuwangi. Diarani sega témpong kerana wong hang mangan iki pipiné kaya ditèmpong. Kawitane sega tempong iku sangune wong mengawe ring sawahan wong-wong Banyuwangi. lan biasane panganan iki disuguhaken ring wadah gedi kanggo para wong tani hang megawe ring sawahan.

Sego tempong iku isine janganan kang wes dikulub, antarane bayem, terong, manisak, gubis. Biasane ditambahi iwak asin, tempe, tahu sesuai selerane wong-wong. Sakliyane iku Sego tempong ugo gawe bahan sambel khusu yoiku ranti. ranti iku salah sijine jenis tomat kang bentuke mberengkel.

Bedane Sega Tempong lan Lalapan

[edit | edit source]

Sega Tempong asalle teka Banyuwangi, Jawa Timur, ana kaitane ambi wong petani ring kana, sedangkan lalapan iku wis ana kabeh ring daerah Indonesia hususe Pulau Jawa. Campurane janganan ring sega tempong biasane dikulub utawa dikukus kaya bayam, kangukung, lan kacang lanjaran, kapan lalapan biasane hang katon iku janganan mentak kaya kemangi, mentimun, lan selada.

Sambel tempong digawe teka bahan-bahan hang mage seger tanpo digoreng, tomat ranti iku kudu ana lan iku biasane hang gawe pedes sampe kaya rasane ditemponge. tapi kapan lalapan iku lebih ana kelire, tergantung daerae lan sithik akahe loboke.