Wp/osi/Seblang

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Seblang

Ritual Seblang iku salah siji werno kesenian jogèt aseli Banyuwangi hang mung bisa ditemoni ring loro désa yaiku Désa Bakungan lan Désa Olehsari. Seblang iku artine 'sebelé ilang'.

Seblang Olehsari

Sajarah Kawitané[edit | edit source]

Ritual Seblang hang ana ring Bakungan bisa ditelusur sakat taun 1770an, lagu lan laku jogèté nyeritakaken carita hang tau dicatet Pigeaud lan John Scholte, ngawiti persiapan perang para pasukan wadon Blambangan[1].

Liya ambi ritual seblang ring Oléhsari hang tau dicatet asisten wedono Glagah yaiku dikawiti sekitar taun 1930an. Ritual seblang dianakaken lan dipimpin pawang Saridin hang wektu iku nerima wangsit nganakaken ritual Seblang kanggo ngangkat wabah penyakit hang nyebar ring Oléhsari [2].

Nanging saiki, ritual seblang ring Oléhsari utawi Bakungan lebih diniataken dadi selametan rijig désa, wujud rasa syukur nyang Gusti Pengeran, sarana uri-uri budaya, uga atraksi wisata budaya hang apik.

Prosesi Adat[edit | edit source]

Seblang Oléhsari dianakaken saban mari lebaran Idul Fitri 7 dina berturut-turut sakat lebaran dina keloro sampé dina kewolu, penariné yaiku laré wadon nom hang durung balig, dipilih ambi pawang / dukun adat lan biasané ana hubungan seduluran antarané para penari hang bengèn-bengèn. Beda ambi ritual Seblang Bakungan dianakaken mung sedina yaiku seminggu sakmariné lebaran Idul Adha, penariné yaiku wong wadon sepuh hang wis menopause, dipilih ambi pawang / dukun adat lan biasané uga ana hubungan seduluran antarane para penari hang bengèn-bengèn. Para penari iku dadi perantara hang dirasuki jin / roh leluhur lan jogèt miluni tabuhan gendhing hang wis disiapaken, ritual jogèt koyo digu biasa diarani tarian shamanisme[3].

Ritual Seblang dikawiti upacara hang dipimpin pawang désa / dukun. Penari ditutup matané lan dikongkon nyekel tampah, dukun désa mangkat nyebuli welek bakaran menyan lan ngerapal dunga, penari mau mangkat kesurupan ditengeri tampah hang dicekel tangané mau temebluk nyang lemah. Sakwisé iku penari mangkat miluni arah ubahé dukun lan jogèt dibarengi gendhing gamelan hang dinyanyikaken sinden, mata penari merem taping magih bisa ubah. Meh pungkasan ritual biasané penari seblang nguncalaken seléndang nang arah wong-wong hang deleng, lan sopo bain hang kenéng seléndang iku mau kudu gelem munggah genjot jogèt bareng ambi penari.

Gendhing pengiring seblang biasane yaiku kendang, kempul utawu gong, lan saron, kadang ditambai biola kanggo ngapiki efek musikal.

Rujukan[edit | edit source]

  1. Saputra, Heru S.P. (2007). Memuja Mantra : Sabuk Mangir dan Jaran Goyang Masyarakat Suku Using, Banyuwangi. Yogyakarta : LKIS
  2. Singodimayan, Hasnan. (2009). Ritual Adat Seblang Sebuah Seni Perdamaian Masyarakat Osing Banyuwangi. Banyuwangi : Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi
  3. Hadi, Y.S. (2007). Kajian Tari Teks dan Konteks. Yogyakarta : Pustaka