Wp/osi/Sayu Wiwit

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Sayu Wiwit

Sayu Wiwit iku salah siji wong wadon hang dadi pejuang tlatah Blambangan ngobong amuk perang ngelawan Kompeni Welanda. Sayu Wiwit mimpin perang ring Puger, Senthong, Nusa Barong, Bayu, lan Lateng. Kerana wibawa lan kesagahane mimpin perang, Sayu Wiwit kejuluk Srakandhi Blambangan, Sayu Wiwit ulih laki hang aranè Mas Surawijaya putrane Wong Agung Wilis.

Sayu Wiwit ngawiti bela patiné nulung Perang Leboksamirana ring Jember, Sayu Wiwit mimpin rakyat Puger lan Senthong nyerang Pos Steenbergen, akeh serdhadhu Landa hang mati lan Pos Steenbergen bisa dikuasai, perlawanané diterusaken nang Nusa Barong, Sayu Wiwit lan perajurite menang maning. Selama perang ring Jember, Sayu Wiwit oleh akeh bala lan pitulung teko ewonan rakyat pedalaman Gunung Raung. Pas serdhadhu Landa wis nyingkrih teko Jember kerana sing kuat ngadepi perlawanan rakyat, Sayu Wiwit lan perajurite nutup lan ngerusak dalan, akeh wit-wit ditegor kanggo nebeng lurung makene Landa sing bisa balik maning.

Sayu Wiwit nduweni lakon hang penting pisan ring Perang Bayu nulung Pangeran Jagapati, Iyane turut ngajak para bekel hang ditemoni milu perang lan ngumpulaken pasukan, yaiku bekel Utun teka Bedhewang, bekel Undhuh teka Lemabangdewa, bekel Runtep teka Lemabangkidul, lan akeh maning liyane. Kerana pengalamane mimpin perang ring Blambangan Kulon (Jember), Sayu Wiwit dijaluki nularaken bab olah polah perang nyang prajurit Bayu, Sayu Wiwit dijaluki nasehat lan piduduhe kapan dina kang apik kanggo nyerang Kompeni kerana dipercaya nduweni ilmu kaweruh hang jeru.

Sayu Wiwit gugur pas nuntut bales kematian lakine Mas Surawijaya ring peperangan Puger, Kapten Marhaelu teko serdhadhu Landa tiwas naming Sayu Wiwit ninggal keneng meriyem Kapten Heinrich. [1]

Rujukan[edit | edit source]

  1. Singodimayan, H., Hasan Basri, Antariksawan Jusuf. (2014). Enam Mata Tentang Banyuwangi. Denpasar : Pustaka Larasan