Wp/osi/Rujak soto
Rujak soto iku panganan teka Banyuwangi.[1] Rujak soto iku gabungan teka rujak lan soto. Rujak nong kene tegese janganan kuluban kang wis dietus aju diuled ambi ragi. Ragi rujake, ana kacang cina, gedhang keluthuk, petis, lobok, uyah. Serehne janganane bisa kangkung, manisah kang wis diirisi, kembang turi, genjer, uga ditambahi tahuk lan tempe goreng (diirisi pisan). Aja lali lontonge ditugeli. Mariku, rujak janganan kang wis uled nyang ragine mau dikokohi soto. Paling wenak kadhung sotone ambi ana cekeker lan serwiwi. Dipangan ambi ngguguti belungan.
Biasane rujak disediakaken sulung, terus disiram ambi duduh soto bareng ambi daginge. Rasane khas, ana bagian soto lan rasa rujak ambi ambune petise. Rujak soto kadang kadang disuguhaken ambi es temulawak.

Njuwut teka
[edit | edit source]- ↑ Resep Rujak Soto Khas Banyuwangi hingga Sejarah di Baliknya. An Nisa Maulidiyah. Detik.com