Wp/osi/Kawinan Nyolong
Kawin Colongan ring lelakon kawinan, colongan iku upaya kanggo nyolong bakal penganten wadon, digowo melayu bakal penganten lanang. Iki hang diarani yaiku kawin colongan. Hang gedigi kedadeyan kerana wong tuwek hang wadon sing setuju anak wadone dirabi ambi wong lanang hang didemeni. Biasane mergo wes dijodohaken utawane mergo setatus sosial kang bedo. Mongko, loro-lorone wis padha seneng lan muket janji nganti rabi. Mulane, myakne bisa ngerabi wadon hang disenengi, wong lanang iku kudu njuwut sengidan-sengidan (wong tuweke wadon sing weruh), kanggo digowo nyang umahe wong lanang[1]. Sertoa mari dicolong biasane keluarga lanang ngirim colok, yaiku wong kang diutus keluarga bakal penganten lanang hang biso ngomong langsung lan njaluraken kekarapane bakal penganten lanang nyang keluargane lare wadon iku mau. Ngerembu gok anak wadone wis dicolong anak-anak ring umahe wong tuweke lare lanang. Mari gedigu biasane keluarga Karo iku mau aju ngomongaken kawinane lare loro iku mau.[2]
Njuwut teka
[edit | edit source]- ↑ Isni Herawati dkk. Kearifan Lokal di Lingkungan Masyarakat Using, Kabupaten Banyuwangi, Propinsi Jawa Timur. Kementerian Kebudayaan dan Pariwisata: Yogyakarta.
- ↑ Mengenal Kawin Colong, Tradisi Menikah ala Suku Osing Banyuwangi. Muhammad Taufiq. Suara Jatim. diakses tanggal 9 September 2026