Jump to content

Wp/osi/Jawa Kulon

From Wikimedia Incubator
< Wp | osi
Wp > osi > Jawa Kulon

Jawa Kulon (Cacarakan: ꦗꦮ​ꦏꦸꦭꦵꦤ꧀, Bahasa Indonésia: Jawa Barat uga disingkat dadi Jabar) iku salah siji propinsi ring Pulo Jawa, Indonésia. Kutha kerajan ana ring Kutha Bandung. Jawa Kulon dadi telatah papan uripé Suku Sunda utawa Wong Sunda, suku hang cacah wongé paling akeh keloro sak Indonésia sak mariné Suku Jawa. Jawa Kulon kalebet salah sijiné wolu propinsi hang kawitan didegaken sak wisé Indonésia mardika lan secara fomal dibentuk tanggal 14 Juli 1950.

Jawa Kulon iku propinsi paling pol sak Indonésia, duwéni 48,683,861 penduduk miturut sénsus taun 2018. Pira-pira kutha ring Jawa Tengah kayata Bogor, Bekasi, lan Depok dadi kutha satelit utawa kutha penyangga kegiatan kutha peraja negara Indonésia DKI Jakarta. Kutha hang paling gedhe ring Jawa Kulon iku ana Bekasi lan Bandung hang dadi kutha paling pol ketelu lan kepapat ring Indonésia. Bekasi lan Depok uga dadi kutha paling pol sak dunya kepitu lan kesepuluh.

Géograpi

[edit | edit source]

Propinsi Jawa Kulon ana ring pérangan kulon Pulo Jawa. Telatahé kewatesan ambi Segara Jawa ring lor, Propinsi Jawa Tengah ring wétan, Segara Hindia ring kidul, Propinsi Banten lan DKI Jakarta ring kulon.

Kawah Tangkuban Perau

Sing kaya propinsi liya ring Indonésia hang kerep duwéni kutha kerajan ring pesisir, kutha kerajan Jawa Kulon yaiku Bandung, ana ring dhataran dhuwur ring tengah-tengah propinsi, Propinsi Banten hang sedurungé kalebet Propinsi Jawa Kulon sakat taun 2000 wis dadi propinsi dhèwèk.

Jawa Kulon lan Banten iku kalebet pérangan Ali-ali Gheni Pasifik saingga duwé akeh gunung lan gunung berapi. Pegunungan ring Jawa Kulon iki biasané kajuluk Parahyangan (uga kajuluk Priangan utawa Preanger) hang artiné umah para déwa. Pucuk paling dhuwuré telatah Jawa Kulon yaiku Gunung Ceremé (3,078 mèter) ana ring wates dhaérah Kabupatèn Kuningan lan Kabupatèn Majalèngka. Kerana akehé gunung, lemah Jawa Kulon kalebet subur lan cocok kanggo usaha tani kayata sawah lan kebonan hang dadi sumber panguripan utama akèhé masyarakat Sunda. Sakat jaman VOC, Jawa Kulon wis kesuwur dadi telatah pengasil sayur-mayur lan tanduran hias. Secara kekabéhan, lumahing bhumi Jawa Kulon iku ana gunung berapi, jurang, alas, dhataran dhuwur, ledhok, lan pesisiran[1].

Kali Citarum dadi kali hang paling pokok kanggo masyarakat uga dadi kali hang paling dawa ring propinsi Jawa Kulon (dawané kira-kira 300 km), banyu teka kali Citarum dibebeng lan didum dadi 3 dam yaiku Dam Cirata, Dam Saguling, lan Dam Jatiluhur. Saiki banyu Citarum kejuluk dadi 'kali paling kotor sak dunya' kerana akèhé dheket limbah industri lan umah-umah.

Pangeduman Telatah Administeratip

[edit | edit source]
Pangeduman Telatah Administeratip Propinsi Jawa Kulon

Jawa Kulon saiki didum dadi 18 kabupatèn lan 9 kutha madya yaiku:

  1. Kutha Bandung
  2. Kutha Banjar
  3. Kutha Bekasi
  4. Kutha Bogor
  5. Kutha Cimahi
  6. Kutha Cirebon
  7. Kutha Dépok
  8. Kutha Sukabumi
  9. Kutha Tasikmalaya
  10. Kabupatèn Bandung
  11. Kabupatèn Bogor
  12. Kabupatèn Bekasi
  13. Kabupatèn Ciamis
  14. Kabupatèn Cirebon
  15. Kabupatèn Cianjur
  16. Kabupatèn Garut
  17. Kabupatèn Indramayu
  18. Kabupatèn Karawang
  19. Kabupatèn Kuningan
  20. Kabupatèn Majalèngka
  21. Kabupatèn Pangandaran
  22. Kabupatèn Purwakarta
  23. Kabupatèn Subang
  24. Kabupatèn Sukabumi
  25. Kabupatèn Sumedang
  26. Kabupatèn Tasikmalaya
  27. Kabupatèn Bandung Kulon

Rujukan

[edit | edit source]
  1. Taylor, Jean Gelman. Indonesia. New Haven and London: Yale University Press. ISBN 0-300-10518-5.