Wp/osi/Gunung Raung

From Wikimedia Incubator
< Wp‎ | osi
Wp > osi > Gunung Raung

Gunung Raung (pucuk hang paling dhuwur: 3,260 mdpl) iku gunung geni hang ana ring pucuk wétan Jawa, Indonesia. Gunung iki melebu ring telu kabupatèn hang ana ring Jawa Wètan, yaiku Banyuwangi, Bondowoso, lan Jember.

Kadhung teka geografis, panggonané gunung iki ana jero kawasan pegunungan Ijèn lan dadi pucuk hang paling dhuwur teka pegunungan. Diitung teka pucuk hang paling dhuwur, Gunung Raung dadi pucuk kang paling dhuwur nomer telu hang ana ring Jawa Wetan sak wisé Gunung Semeru lan Gunung Arjuno, serta dadi hang paling dhuwur nomer papat ring Pulo Jawa. Kaldéra Gunung Raung uga dadi kaldera garing hang paling gedhi ring Pulo Jawa lan kang paling gedhi keloro ring Indonesia sak wise Gunung Tambora hang ana ring Nusa Tenggara Kulon[1]. Ana papat titik pucuk, yaiku Pucuk Bendera, Pucuk 17, Pucuk Tusuk Gigi, lan hang paling dhuwur yaiku, Pucuk sejati (3.344m).

Dideleng teka vegetasiné, Gunung Raung duwéni alas Dipterokarp Bukit, Alas Dipterokarp dhuwur, alas Montane, lan alas Ericaceous utawa alas gunung.

Rujukan[edit | edit source]

  1. https://ankaranarenva.wordpress.com/2013/03/22/gunung-raung-kaldera/