Jump to content

Wp/osi/Desa Kemiren

From Wikimedia Incubator
< Wp | osi
Wp > osi > Desa Kemiren

Desa Kemiren iku salah sijine desa ring wilayah Banyuwangi, kang ana ring dhuwuran 144 meter sak ndhuwure banyu segara. Ring kana, curah udan kurang lebih 2200 mm sak taun lan suhune kisaran 22-26° C. Panggonane Desa Kemiren teka pusat kecamatan kurang lebih 2 km, teka ibukota kabupaten kurang lebih 5 km, lan teka ibukota propinsi kurang lebih 294 km.[1]

Panggon lan Kahanan Alam

[edit | edit source]

Wilayah Desa Kemiren, sandhing lor jejeran ambi Desa Jambesari, sandhing kidul jejeran ambi Desa Olehsari, sandhing kulon jejeran ambi Desa Tamansari, lan sandhing wetan jejeran ambi Desa Banjarsari. Wilayah iku dipara dadi 2 dusun, yaiku Krajan lan Kedaleman. Sak loro dusun iku dipara dadi 28 rukun tangga lan 7 rukun warga.[1]

Tap-tapan kampungan ring Desa Kemiren dawa sakat wetan sampik kulon kurang lebih 3 km. Nong tengah desa iki, ana lurung aspal kang bisa diliwati montor uga trek. Dalan iku nggathukaken Banyuwangi nyang perkebunan utawa padusan Kalibendo lan wilayah-wilayah kulone, kayata Cungking lan sakliyane.[1]

Sejarah

[edit | edit source]

Désa Kemiren kabentuk ring jaman Walanda. Wong-wong hang kawitan manggon ring Kemiren asalé teka Cungking, désa tuwek ring Banyuwangi hang adohé kira-kira 4 km ring wetané Kemiren. Jeneng Cungking kasebut ring Babad Tawang Alun minangka panggonan pesaréan Ki Buyut Wangsakarya, gurué Pangeran Tawang Alun.[2]

Bukti sejarah désa iki yaiku wit duren abang hang isih kari teka jaman alas dibabat, lan dalan gedhé désa hang dadi patokan kanggo mbangun omah-omah wong désa. Omah-omah iku ngadeg njajar ngetutaken dalan iku.[2]

Pendhudhuk

[edit | edit source]

Désa Kemiren nduwé pendhudhuk kira-kira 2.569 jiwa kanthi 1.100 KK. Akèh-akèhé pendhudhuk iku wong Using lan nyambut gawé dadi petani. Wiyaré désa iki kira-kira 177 hektar, lan akèh-akèhé arupa sawah.[3]

Omah Adat Using

[edit | edit source]

Omah adat Using ring Kemiren nduwé telung jinis payon, yaiku tikel balung, crocogan, lan baresan. Crocogan nduwé rong sisi payon, baresan telung sisi, lan tikel balung papat sisi. Bédané jinis payon iki sing ana gandhèngané ambi drajat hang nduwé omah.[2]

Isiné omah dipara dadi telung ruangan teka ngarep nang mburi, yaiku bale, jrumah, lan pawon. Saka omah papat digawé teka kayu lan disambung sing nganggo paku, nanging nganggo paju utawa pasak kayu hang gepeng. Témboké digawé teka gedhég, yaiku anyaman pring, déné pérangan ngarep omah asli nganggo gebyog teka papan kayu.[2]

Kayu kanggo omah dijupuk teka alas sakiwa-tengené désa, yaiku Alas Kali Bendo, kayata kayu bendo, tanjang risip, lan cempaka. Wong Using precaya kayu lan pring kudu dijupuk ring dina hang pas supaya kuwat lan sing gampang dipangan hama. Pring uga dikum ring banyu pirang-pirang dina sadurungé dienggo supaya sing gampang dipangan rayap.[2]

Buyut Cili

[edit | edit source]

Ring Kemiren ana petilasan utawa makam Buyut Cili, hang dianggep panggonan paling sakral ring désa iki. Makam iku ana ring panggonan paling dhuwur ring Kemiren. Wong Kemiren precaya Buyut Cili iku penjaga désa teka sakabèhé bencana. Mula, wong désa njaluk idin nang Buyut Cili sadurungé nganakaken ritual adat, lan nganakaken selametan saben dina Minggu lan Kemis.[2]

Kesenian lan Tradisi

[edit | edit source]

Wong Kemiren isih nganakaken akèh ritual adat, kayata Barong Ider Bumi, Tumpeng Sewu, lan Mocoan Lontar Yusuf. Tumpeng Sewu iku selametan mangan bareng saben taun hang dadi bagéan teka ritual bersih désa. Kesenian hang ana ring Kemiren yaiku Gandrung, Barong, Angklung Paglak, gedogan, kuntulan, jaran kecak, mocoan lontar, lan bordah.[2]

Désa Wisata

[edit | edit source]

Kanthi Surat Keputusan Pemerintah Daerah Tingkat II Banyuwangi Nomor 401 Taun 1996, Kemiren ditetepaken dadi Désa Wisata Using.[3] Pariwisata budaya nggawé lapangan gawé anyar lan nambah asil wong désa, nanging wong Kemiren tetep nglakoni urip saben dina lan adaté kaya biasané.[2]

Referensi

[edit | edit source]
  1. 1 2 3 Isni Herawati dkk. Kearifan Lokal di Lingkungan Masyarakat Using, Kabupaten Banyuwangi, Propinsi Jawa Timur. Kementerian Kebudayaan dan Pariwisata: Yogyakarta.
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 Cendika, Nauval Risla; Antariksa; Asikin, Damayanti (2024). "Bentuk, Makna, Evaluasi Lingkungan dan Ketahanan Fisik pada Arsitektur Vernakular Rumah Adat Osing Desa Kemiren Banyuwangi". Jurnal Rekayasa Sipil dan Lingkungan, 8(2), kaca 170-181. https://journal.unej.ac.id/JRSL/article/download/4381/1002
  3. 1 2 Sari, Nindia Nazmei lan Winarko, Joko. "Musik Angklung Paglak Desa Kemiren Banyuwangi". Jurnal Solah, Universitas Negeri Surabaya. https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/solah/article/download/31197/28332