Wn/jv/Xavi Hernandez, pamain paling apik Euro 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Xavi Hernandez, pamain paling apik Euro 2008

Slasa, 1 Juli 2008

Gelandhang Spanyol, Xavi Hernandez dadi pamain paling apik Euro 2008 vèrsi UEFA, Senèn (30/6).

Iki diumumké déning Direktur Teknik UEFA Andy Roxburgh ing temu pers sing uga dirawuhi Kompas ing Media Center Stadion Ernst-Happel, Vienna.

Pamain asal klub Barcelona iki dikenal minangka gelandhang enerjik lan pinter ngatur ritme permainan. Xavi uga nduwèni peran sentral sajroné ngatur serangan Tim Matador lan nyuplai bal.

Sumber[edit | edit source]