Wn/jv/Vita/Lily jawara Djarum Indonésia Tarbuka taun 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv

Minggu, 22 Juni 2008

Gandha putri Indonésia, Vita Marissa/ Lilyana Natsir menang gampang saka pasangan Jepang Maeda/Suetsuna ing rong pertandhingan langsung, 21-15, 21-14 ing Djarum Indonésia Tarbuka taun 2008. Kanthi kamenangan iki, Indonésia antuk rong gelar. Gelar sepisanan saka tunggal putra Sony Dwi Kuncoro sing ngalahaké Simon Santoso sing uga pamain saka Indonésia.

Vita/Lily sing diunggulaké ing papan katelu, tampil luwih apik tinimbang lawané sing arupa unggulan kapapat. Rong pertandhingan dirampungaké ing wektu 38 menit.

Kanthi kasilé antuk gelar jawara iki, Vita / Lily antuk bebungah dhuwit 17.250 dollar AS. Sawisé pertandhingan, dilangsungaké antarané tunggal putri Indonésia, Maria Kristin Yuliyanti, sing ngadhepi unggulan sepisanan saka Tiongkok, Zhu Lin.

Sumber[edit | edit source]