Wn/jv/Vancouver, 'kutha kanggo mapan paling becik' ing donya

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Vancouver, 'kutha kanggo mapan paling becik' ing donya

Rebo, 11 Juni 2008

Miturut asil survey Vancouver Economist Intelligence Unit (EIU), kutha paling becik kanggo mapan yaiku Vancouver.

EIU nggawé peringkat kanggo 127 kutha saka segi risiko pribadi (minangka sasaran serangan terror), prasarana lan sumadyaning barang lan jasa.

Kabèh kutha sing mlebu golongan "liveability" kalayakan kanggo urip ana ing Kanada, Australia lan Éropah Kulon.

Éwadéné papan paling ala kanggo manggon yaiku Aljirs ing Aljazair, lan Port Moresby ing Papua New Guinea, amarga "akèh aspèk tantangan kauripan sadina-dina," pituturé EIU.

Sumber[edit | edit source]