Wn/jv/Topan Fengshen njalari Hongkong lumpuh

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Topan Fengshen njalari Hongkong lumpuh

Kemis, 26 Juni 2008

Topan Fengshen alias ”angin dewa”, Rebo (25/6), dumadi ing Hongkong lan wilayah Tiongkok kidul liyané. Udan deres dibarengi angin gedhé njalari sebagéyan gedhé kagiyatan ing Hongkong lumpuh.

Topan tropis Fengshen kanthi kacepetan luwih saka 180 kilometer per jam utawa mlebu “sinyal 8” iki meksa sekolah, pasar, lan kabèh kagiyatan bisnis ing tilas koloni Inggris iku kudu mandheg kalebu bursa Hongkong. Semono uga kagiyatan ing Palabuhan Victoria lan ing otoritas bandhara Hongkong. Sapérangan wit ambruk lan nutupi dalan gedhé.

Pepènget iki sacara prosedhur meksa kabèh pitung yuta pedunung Hongkong kudu tetep ing njeron omah. Watara jam 22.00 GMT (jam 03.00 WIB), pusat badai tropis iku watara 40 kilometer lor-wétan Hong Kong lan ngalor kanthi kacepetan 14 kilometer per jam.

Topan Fengshen dina Minggu wingi dumadi ing Filipina, njalari paling sithik 1.000 wong tiwas ing saindhenging negara iku. Cacahing korban paling akèh saka penumpang feri Princess of Stars. Feri iki kawalik ing lepas pesisir Pulo Sibuyan, Provinsi Romblon, Filipina tengah.

Sumber[edit | edit source]